Showing posts with label via. Show all posts
Showing posts with label via. Show all posts

Khutbah Jumat Bahasa Jawa : "ikhlas"

 

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi  taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi  sedaya awisanipun..
SELENGKAPNYA TENTANG MAGELANG, KLIK DISINI

Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa 2015

Kumpulan Khutbah 

"IKHLAS"


Oleh : Via InoaGroup.com

 Ampun ngantos kuma wantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos kumo wanton  nerjang awisanipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta'ala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.

pasang iklan disini, GRATIS

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Saklajengipun mangga ihtiyar ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita, bilih sedaya amal ibadah ingkang kita tindakaken sageta bersih saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi  murih ridlanipun Allah. Jalaran ikhlas punika minangka jiwanipun amal,  artosipun amal ingkang katindakaken tanpa ikhlas punika bebasan jasad ingkang mboten wonten ruh ipun tentu mboten wonten ginanipun. Dados amal ingkang bade katampi dateng ngarsa dalem Allah inggih namung amal ingkang linandesan ikhlas . Kados dawuh dalem kanjeng Nabi Muhammad SAW. :

"Gusti Allah ora bakal kersa nampa amal kang ora disertani ikhlas kerana murih ridlane Allah" (HR.Ibnu Majah).
Wondene titik tolakipun amal punika wonten ing niyat, niyat ingkang ikhlas bade ndadosaken amal ingkang alit dados ageng, kosok wangsul, niyat ingkang mboten ikhlas saget ndadosaken amal ingkang ageng dados alit utawi kepara malah ndadosaken amal lebur tanpa gina. ٍSawenehing Ulama paring pengendika
"Pirang pirang amal kang katone mung cilik, nanging ganjarane nuli dadi gede jalaran sangka becike niyat, lan pirang pirang amal kang katone gede, nanging wusanane dadi cilik ganjarane amerga luput olehe niyat"
Ningali semanten perananipun niyat sak lebetipun amal, pramila menapa kemawon amal ingkang saget kita tindakaken eman sanget menawi mboten kaniyatan kanti ikhlas, jalaran wujudipun amal sami kemawon ikhlas utawi mboten,  nanging labet saha ganjaran lan tinampinipun amal wonten ngarsanipun Allah inggih namung menawi saget katindakaken kanti niyat ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah Ta'ala.
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Langkung langkung amal ibadah ingkang anggadahi dimensi sosial, punika langkung rentan dateng lumebetipun seja ingkang ngirangi, utawi kepara ngrisak dateng amal kita. Kados dene sedekah, tetulung dateng sesami lan sanesipun punika langkung gampil kecampuran niyat lan seja seja kamanungsan. Ing mangka miderek dawuh hadits ingkang sanget kawentar kanjeng Nabi ngengetaken kanti dawuhipun :
Bilih, "tumrapipun satunggaling tiyang, punika bade pikantuk ganjaran miturut niyatipun"  .
Ing ngajeng ugi sampun dipun aturaken dawuhipun Allah ing Al Qur"an :
"Lan manungsa ora pada diperintah kejaba supaya ibadah marang Allah kelawan ikhlas murnekake ta'at marang Allah kerana nindakake dawuh  agama  kelawan lurus , lan pada njumenengake shalat lan pada aweh zakat, ya mengkono iku agama kang jejeg"
(QS.Al Bayyinah: 5).
Wusananipun mugi mugi kita tansaha kaparingan pitedahipun Allah tansah saget nindakaken amal ibadah kanti ikhlas namung kerana nggayuh karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta'ala. Amin

Baca Juga :
pasang iklan disini, GRATIS

Pantai Eksotik “NGOBARAN”

 

Puluhan jenis binatang laut terdapat di sela-sela karang, mulai dari landak laut, bintang laut, hingga golongan kerang-kerangan. Ngobaran memang merupakan pantai yang cukup eksotik. Saat surut, anda bisa melihat hamparan alga (rumput laut) baik yang berwarna hijau maupun coklat. Jika dilihat dari atas, hamparan alga yang tumbuh di sela-sela karang tampak seperti sawah di wilayah padat penduduk.  dapatkan kumpulan DP BBM TERBARU, klik disini
www.inoaGroup.com

PANTAI DI YOGYAKARTA

"Pantai Eksotik "NGOBARAN""

  Oleh : Via InoaGroup.com


Bangunan yang paling jelas terlihat adalah tempat ibadah semacam pura dengan patung-patung dewa berwarna putih. Tempat peribadatan itu didirikan tahun 2003 untuk memperingati kehadiran Brawijaya V, salah satu keturunan raja Majapahit, di Ngobaran. Orang yang beribadah di tempat ini adalah penganut kepercayaan Kejawan (bukan Kejawen-RED). Nama "Kejawan" menurut cerita berasal dari nama salah satu putra Brawijaya V, yaitu Bondhan Kejawan. Pembangun tempat peribadatan ini mengaku sebagai keturunan Brawijaya V dan menunjuk salah satu warga untuk menjaga tempat ini. Tapi yang tak terdapat di pantai lain adalah pesona budayanya, mulai dari bangunan hingga makanan penduduk setempat. Satu diantaranya yang menarik adalah adanya tempat ibadah untuk empat agama atau kepercayaan berdiri berdekatan. Apakah itu bentuk multikulturalisme? Siapa tahu.



Baca Juga Artikel Lainnya :

Khutbah Jumat Bahasa Jawa : "Ngudi Rizki"

 

Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Ta'ala kanti takwa  kang saksae-saenipun, injih menika ngamalkaken munapa kang diperintahkaken dening Pangeran saha Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam sarta nebihi menapa kang dilarang Pangeran saha Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam.
SELENGKAPNYA TENTANG MAGELANG, KLIK DISINI

Kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa 2015

Khutbah Jumat

"Prinsip tiang Muslim Ngudi Rizki saha usada saking Penyakit"

Oleh : Via InoaGroup.com

Shalawat sarta salam mugi tansah kaatur dumateng  nabi kita Muhammad shallallahu 'alaihi wa sallam, banjur dumateng keluarga, sahabat-sahabatipun, sarta  sedaya pengikutipun ngantos akhir zaman.
Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
Allah Subhanahu wa Ta'ala  sampun anjanjikaken bilih saben-saben makhluk ing bumi niki pasti angsal  rezeki saking Pangeran. Saking jenis manungsa, kang dados makhluk kang dimuliakaken, ugi jenis rajakaya sampun Pangeran jamin rizkinipun. Allah Subhanahu wa Ta'ala ngendika:

pasang iklan disini, GRATIS

"Lan ora ano  sawijining kala ing bumi mesti  Allah kang  paring rezkinipun, lan Pangeran mersani saben papan kewan tuwin papan pangane. Sedaya katulis ing Kitab kang nyata (Lauh mahfuzh)." (QS. Hud: 6)
Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
Nalika mapak  rezeki kang sampun katulis katakdirkaken dening Pangeran ,.., saben muslim kedah berprinsip milah lan milih rezki kang halal, sanes jalaran katahipun samukawis barang. Mekaten ugi nalika pacoban arupa gerah, mila kedah kalandasan pengobatan kang disyariatkaken agami, mboten berprinsip kang penting cepet mantun." Mangga  kita ngeningkakaen pawulanagn-pawulanagan kang nyangkut cara pikir kang kedah wonten ing pribadi setunggilang tiang muslim.
1. Rezeki saben manungsa ugi sedaya makhluk sampun dijamin Allah Ta'ala

"Lan ora ano  sawijining kala ing bumi mesti  Allah kang  paring rezkinipun, lan Pangeran mersani saben papan rajakaya  tuwin papan pangane. Sedaya katulis ing Kitab kang nyata (Lauh mahfuzh)." (QS. Hud: 6)
Ibnu Katsir rahimahullah nerangkaken, "Allah ta'ala paring kabar bilih Pangeran  Kang njamin rezeki sedaya makhluk, saking sedaya rajakaya ing bumi, gede-cilik ing daratan utawa lautan." (kitab Tafsir Al Quran Al Azhim).
Syaikh As Sa'dy rahimahullah nerangkaken, "Maksudtipun sedaya kang mlaku ing bumi sae saking  manungsa utawi kewan darat utawi laut,Gusti Pangeran sampun njamin rezeki lan panganipun, sedaya ditanggung dening Allah." (kitab Taisir Al Karim Ar Rahman).
"lan katah bebangsa kewan kang ora(mampu) mbeta(ngurus) rezekinipun.  Gusti Pangeran kang paring rezeki tumrap deweke lan tumrap sira kabeh lan Pangeran Maha Mireng ugi Maha Waspada." (QS. Al Ankabut: 60).
2.  Rezeki saben manusia sampun ditakdirkaken Allah Ta'ala
Mboten badhe satunggileng tiang angsal rezeki kecuali kang sampun ditakdirkaken. Mboten bakal  pernah mungkin satunggileng tiang mendet rezeki kang sampun ditetapkaken ing takdiripun dening Pangeran.عَ
"Abdullah bin Mas'ud radhiyallahu 'anhu mucal, "Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam medal sabda marang kawula lan slirane tiang kang bener lan dibenerkaken: "Sakestune saben-saben sira dikumpulkaken dening Maha Pencipta ing rahim ibunipun 40 hari arupa nutfah, banjur dadi 'Alaqoh (setetes getih) selajengipun dados Mudhghoh (segumpal daging) nalika mekaten  dipun utus Malaikat supados nyebulkaken ruh, banjur diperintahkaken nulis sekawan bab : Rizki, Ajal, Amal tuwin Cilaka/bingahipun. Mila demi Allah kang mboten  wonten  Tuhan selainipun, nalika satunggileng tiang ing  antarane sira kang nindakaken amalan ahli surga sahingga ora ano jarak antara piyambakipun tuwin suwarga kecuali segaris kemawon. Banjur piyambake nglaksanakaken satunggileng  perbuatan ahli neraka sahingga  piyambake masuk neraka.  Sawijineng tiang saking sira kang nindakaken amalan ahli neraka sahingga mboten wonte lagi jarak antara piyambakipun tuwin neraka kecuali segaris kemawon. Dweke ngrubah nindakaken  perbuatan ahli suwarga nalika tilaripun sahingga  piyambake masuk surga." (HR. Tirmidzi).
A Hasan Al Bashri rahimahullah nate dipun pundut pirsah: "Munapa Rahasia zuhud ing dunia?" piyambakipun pareng jawaban,
"kawula sumerep bilih rezekiku mbotrn bakal pernah wonten kang mendet lintunipun kawula, mila tenang babagan rezeki, lan kawula wus sumerep bilih ilmuku mboten bakal  wonten kang nindakaken lintunipun kawula, mila kawula nyibukaken ing ilmu,kawula sumerep bilih Allah tansah ngawasi kawula, mila kawula isin nalika nindakaken  maksiat, kawula sumerep bilih kematianbakal njemput kawula, mila siapkaken  bekal ketemunipun kaliyan Pangeran."
Al Baihaqi paring riwayat kanti  sanad  Muhammad bin Abi Abdan mucal: "Hatim Al Asham nate mundut pirsa: "duh rasul ing masalah munapa sira mbangun sikap tawakkal?" Sliranipun (rasul) paring pawulang, "ing 4 perkara: "sumerep bilih rezekiku ora ano kang mendet kajaba aku, mila aku ora mikirkaken masalah rizki, sumere bilih ilmuku ora bakal ano kang ngamalkaken selainku mila kawula sibukaken beramal,sumerep bilih kematian njeput kawula mila kawula  banjur (mendet bekal) lan sumerep bilih kawula tansah  ing Waspadanipun Pangeran, mila kawula isin nindakaken maksiat." (Atsar riwayat Al Baihaqi).
3. Saben  manungsa mboten bade dicabut nyawanipun ngantos sempurna rezeki kang ditakdirkaken
"Jabir bin Abdillah radhiyallahu 'anhu mucal: 'Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam medal sabda, "hai manungsa, tindakna takwa dumateng Allah lan damel kesaenan nalika madosi (rezeki),jalaran saben kang anggadahi nyawa pejah ngantos piyambake sempurna rezekinipun, saniaso nate terlambat dumateng piyambake, mila tumindakna takwa dumateng Allah lan mbeneri nalika madosi (rezeki), (yaiku) munapa kang halal tuwin  tinggalna  munapa kang diharamkaken." (HR. Ibnu Majah).
4. Allah kang paring kesarasan tumrap manungsa
 "lan nalika kawula  sakit, Pangeran Kang paring mantun." (QS. Asy Syu'ara:80).
"Aisyah radhiyallahu 'anha paring riwayat bilih Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallamnalika njenguk tiang sakit sliranipun dedonga: "Adz-hibil ba'sa robban naasi, isyfi wa antasy syaafi, laa syifaa-a illa syifaa-uka, syifa-an laa yughodiru saqoman" (duh gusti mugi paring ical  penyakit.., duh Pangeran kang nguasani sedaya manungsa .. ,mugi paring saras  sakestunipun paduka kang Maha Paring Kesarasan, mboten wonten kesarasan lintunipun saking pangeran, kesarasan kangmboten ninggalkaken  satunggileng  penyakit munapa pun)." (HR. Bukhari).
Lan Allah paring perintah tumrap kita supados berobat kanti sesuatu kang haram. Mangga kita ngeningkaken pawulang saking shahabat Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam, saking Abdullah bin Mas'ud radhiyallahu 'anhu:
إِنَّ الله لَمْ يَجْعَلْ شِفَاءَكُمْ فِيمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ
"Saktemen  Allahmboten damel kesembuhan saking barang kang  diharamkaken tumrap sira." (HR. Bukhari).
5. Penyakit merupakan penebus dosa
"Sa'ad bin Abi Waqqash radhiyallahu 'anhu mucal, "duh Rasulullah, manungsa munapa kang paling awrat ujianipun?" sliranipun medal abda, "Para Nabi banjur tiang-tiang ing ngandapipun,. Setunggilang tiang diuji sesuai kanti(kualitas) agamanipun, menapa  agamanipun kiat mila ditambah ujianipun, lan menapa agamanipun lemah mila diuji sesuai kanti kekiatan  agamanipun. Tansah wonten ujian tumrap satunggileng tiang ngantos akhiripun mboten anggadahi dosa." (HR. Ibnu Majah)
Akhiripun , insyaAllah kita muslim kang mboten:
    ninggalkaken akidah kita,jalaran banda kang sampun katakdirkaken tumrap kita..
    ninggalkaken akidah kita, jalaran madosi kesarasan saking  penyakit.
Baca Juga :
pasang iklan disini, GRATIS

Ujian Iman Muslimin

 

Hadirin jamaah Jum'at kang berbahagia!
Wonten ing kesempatan Jum'at meniko, monggo kito renungaken salah satunggileng firman Allah ing surat Al-'Ankabut ayat 2 lan 3:
Apa manungso  iku ngira deweke dijarke(wae)mucal: "Aku beriman", nanging deweke ora  diuji maneh? Lan saktemene Aku wus nguji wong-wong kang sakdurunge, mongko saktemene Allah mangertosi wong-wong kang bener lan saktemene Deweke(Allah) mangertosi wong-wong kang dusta.
SELENGKAPNYA TENTANG MAGELANG, KLIK DISINI

Khutbah Jumat  Jawa 2015

Kumpulan Khutbah 2015

"Ujian Iman Muslimin"

Oleh : Via InoaGroup.com

 Ayat niki jelasaken kangge kito bilih niki salah satunggileng konsekuensi/amanah pernyataan iman kito, kito kedah siap menghadapi ujian kang diwenehake Allah Subhannahu wa Ta'ala marang kito, kangge mbuktiaken kebeneran lan keseriusan kito ing pernyataan iman meniko, nopo bener iman kito niku betul-betul bersumber saking keyakinan lan kemantapan ati, utawi namung melu-melu sarto mboten mangerteni arah lan tujuan, utawi pernyataan iman kito didorong saking kepentingan sepele, pengin angsal kemenangan lan ora gelem ngatasi bebendu kados kang digambaraken Allah Subhannahu wa Ta'ala ing surat Al-Ankabut ayat 10:
   Lan ing antarane manungsa ano wong kang mucal: "kawula pitados dumateng Allah", mongko menawi deweke dilarani(jalaran deweke iman) marang Allah, deweke nganggep fitnah manungso iku dadi azab Allah. Lan temen menawi pitulungan saka ngarsane Pangeran iro, yekti deweke bakal mucal: "saktemene kita sesarengan njenengan." Mboten sanes bilih  Allah luwih mangerteni  apa kang ano ing  dada manungso"?

pasang iklan disini, GRATIS

Hadirin jamaah Jum'at kang berbahagia!
   Menawi kito sampun nyatakaken iman, saklajengipun monggo kito ngajeng-ajeng manisipun buah iman kang kito duweni, inggih meniko Surga kang dijanjikaken Allah Subhannahu wa Ta'ala :
   saktemene wong-wong kang iman lan beramal shalih, mangka kanggo deweke yoiku Surga Firdaus kang dadi panggonan tetep tumrap deweke. (Al-Kahfi 107).
   Monggo  kito bersiap-siap ngadepi ujian awrat kang diparingi Allah marang kito, tuwin sabar nalikane ujian iku tumeko ing atase kito. Allah wenehi sindiran dumateng kito, kang pengin masuk Suwarga mboten nglewati ujian kang awrat.
   Apo siro kira bakal masuk Surga, nanging durung teko marang iro(coban)koyo coban kang di turunake marang wong-wong sakdurunge iro? Deweke diwenehi malapetaka lan kesengsaraan, sarto digoncang(mawarni-warni cobaan) sehinggo ngendiko Rasul lan wong-wong kang beriman:"kapan tekane pitulungan Allah?"podo imuto, saktemene pitulungan Allah iku celak sanget".(Al-Baqarah 214).
   Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam mratelakaken awratipun perjuangan tiang-tiang rumiyin nalikane mempertahanaken imanipun, kados kang diwucal lumantar shahabat Khabbab Ibnul Arats Radhiallaahu anhu.

Temen wus kejaden marang wong-wong sakdurunge iro, ano kang disisir nganggo sisir besi(sehinggo) ngelupas daging saking tulang-tulang, ananging iku ora malingake saking agamane, lan ano kang digergaji nganti terbelah, nanging iku ora malingake saking agamane... (HR. Al-Bukhari, Shahih Al-Bukhari dengan Fathul Bari, cet. Dar Ar-Royyan, Juz 7 hal. 202).
   monggo kita renungaken, apa kang sampun kita lakukaken kangge mbuktikakan keimanan kita? cobaan mnapo kang sampun kito alami nalikane mempertahanaken iman kito? Apo kang sampun kito korbanaken kangge memperjuangaken aqidah lan iman kito? Menawi kito nggatekaken perjuangan Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam lan tiang-tiang rumiyin ing mempertahanaken imanipun, lan pengorbananipun ing memperjuangkan iman, deweke rela ngorbanaken harta bendanipun, tenaganipun, pikiranipun, bahkan nyawanipun dikorbanaken. Kito raosaken bilih iman kito niki dereng apa-apanipun dibanding imanipun poro salafus-sholeh.
Hadirin sidang Jum'at kang dimuliaken Allah!
   ujian saking Allah mawarni-warni, sakmbotenipun enten empat macam ujian kang sampun dialami para sesepuh(safus-sholeh) kito:
   Engkang pertama: Ujian kang berbentuk perintah kang musti dilaksanakaken, kados perintah Allah dumateng Nabi Ibrahim Alaihissalam supadose nyembelih putranipun kang disayangi. Niki  dados satunggileng perintah kang betul-betul awrat lan mungkin mboten masuk akal, menawi bapak kedah nyembelih anakipun kang dipun sayangi, padahal anakipun mboten nglakukaken kesalahan menopopun. Temen niki ujian kang awrat sanget sehinggo Allah ngendiko:
   Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. (Ash-Shaffat 106).
   Lan saking mriki kito saget ningali kepripun kualitas iman Nabi Ibrahim Alaihissalam kang bener-bener tahan uji, sehinggo kanthi ketabahan lan kesabaranipun perintah kang awrat sanget saget dilampai.

   Apa kang dilakukaken Nabi Ibrahim lan puteranipun dados pelajaran kang berharga sanget kangge kito, lan perlu kito tauladani, jalaran kadosto kan kito raosaken ing saben dintenipun kito, katah sanget perintah Allah kang dianggep awrat kangge kito, lan kanthi saktumpuk alesan kito berusaha mboten ngelaksanakaken. Andadosaken contoh, Allah sampun paring perintah dumateng poro wanita Muslimah supados ngginakaken jilbab(pakaian kang nutupi aurat) sacoro tegas kangge ambedakaken antaranipun wanita Muslimah kelawan wanita musyrikah kados firmanipun Allah:
   Hai Nabi dawuha marang para garwairo, lan anakira wadon lan para bojone wong Mu'min" "supaya pada nguluraken jilbab  nganti nutupi tubuhipun". Kang mangkono iku supaya deweke luwih gampang  kinaweruhan, jalaran iku deweke ora diganggu. Lan Allah niku  Maha Pengampun lagi Maha Penyayang." (Al-Ahzab, 59).
   Ananging  kito mresani sakniki taksih katah wanita Muslimah ing Indonesia khususipun mboten purun ngginakaken jilbab kanthi alasan kang katah, enten kang nganggep kampungan, ga modis, utawi nganggepipun bilih jilbab niku bagian saking budaya bangsa Arab. Niki pertanda bilih imanipun dereng lulus ujian. Padahal Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sampun wenehi ancaman kanggo para wanita kang ora gelem ngginakaken jilbab:


 "Kaleh golongan saking  ahli Neraka kang dereng pernah aku weruhi sakdurunge, saktunggal  kaum kang nggawa cambuk kados buntut sapi, kang kanthi cambuk iku deweke mukul manungso, lan wanita kang ngginakaken rasukan ananging  telanjang berlenggak-lenggok menarik perhatian, sirah-sirahipun kados punuk unta, deweke ora bakal masuk Surga lan bakal ngambu wangine". (HR. Muslim, Shahih Muslim dengan Syarh An-Nawawi cet. Dar Ar-Rayyan, juz 14 hal. 109-110).
   Kang kaping kalih: Ujian kang berbentuk larangan ninggalaken kados kang dialami Nabi Yusuf Alaihissalam kang diuji kanthi seorang perempuan cantik, istri seorang pembesar di Mesir kang ngajak zino, lan kesempatan iku sampun sangat terbuka, nalikane kekalihipun sampun berdua ing griyo lan si perempuan niku sampun mengunci akabehe lawang griyo. Ananging Nabi Yusuf Alaihissalam mbuktikaken kualitas imannipun, deweke saget lolos saking godaan perempuan niku, padahal pemuda umumipun gadah hasrat marang wanita. Niki artosipun deweke sampun lulus saking ujian imanipun.
   Sikap Nabi Yusuf Alaihissalam niki perlu kito ikuti, khususipun tumrap para pemuda Muslim ing wektu niki, nalikane dalan-dalan maksiat gampang, pelacuran sampun semebrak, minuman keras lan obat-obat terlarang sumambrah masyarakat, ngantos-ngantos anak-anak kang taksih sekolah dasar sampun wonten kang kecanduan. Zina sampun dados barang biasa kangge para pemuda, sehingga mboten gumun bilih saking hasil penelitian, bilih ing kota-kota ageng kadosipun Jakarta tuwin Surabaya enem saking sepuluh remaja putri sampun mboten perawan malih. Akibatipun saben tiap tahun sekitar kalih yuta bayi diaborsi, utawi dipejahi nalikane bayi lahir
. Kondisi niki diperparah kanthi katahipun media cetak kang berlomba-lomba mameraken aurat wanita, uga media elektronik kanthi acara-acara kang dirancang kangge mbangkitaken gairah seksual remaja. Ing wektu niki sikap Nabi Yusuf Alaihissalam kedah ditanemaken ing njeruning dodo poro pemuda Muslim. Poro pemuda Muslim kedah selalu siap siaga ngehadapi godaan-godaan kang bakal njerumusake awake ing jurang maksiat. Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sampun njanjikaken marang sapo wae kang nolak ajakan tumindak maksiat, deweke bakal diwenehi lindungan nalikane hari Kiamat sakmangke, kados sabdanipun Rasulullah :

"pitu(tiang kang bakal dilindungi Allah nalikane dino kang ora ono perlindungan kejobo lindunganipun Allah, .. lan tiang jaler kang diajak  perempuan terhormat lan  cantik, ananging deweke kondo" aku takut kepada Allah…" (HR. Al-Bukhari Muslim, Shahih Al-Bukhari dengan Fathul Bari cet. Daar Ar-Rayyan, juz 3 hal. 344 dan Shahih Muslim dengan Syarh An-Nawawi cet. Dar Ar-Rayaan, juz 7 hal. 120-121).
   kang ketiga: Ujian kang berbentuk musibah kados penyakit, ditinggalaken tiang kang disayangi lansaksanesipun. Satunggilen conto, Nabi Ayyub Alaihissalam kang diuji dening Allah kanthi penyakit kang awon sanget sehinggo ora ono sebahagian badanipun  kang slamet saking penyakit niku kejobo atinipun, kabeh bandanipun sirno mboten nilasaken barang menopo kemawon. kangge biaya pengobatan penyakitipun lan kangge nafkah awakipun, akabehe kerabatipun ninggalaken awakipun, naming awakipun lan isterinipun kang setia lan madosaken nafkah kangge awakipun. Musibah niki kalampaan wolongwelas tahun, nalikane ngacik ing wektu kang kritis sanget, banjur deweke ndonga marang  gusti Allah:
   "Lan elingo nalikane hambaKu Ayuub ndonga marang Tuhanipun;" saktemene aku diganggu syaitan kanthi kepayahan lan siksaan". (Tafsir Ibnu Katsir, Juz 4 hal. 51).
Lan nalikane Allah merintahaken dumateng Nabi Ayyub Alaihissalam supados nggedrokake  sukunipun ing siti, banjur saking siti wau metu sumber, banjur Allah merintahaken supaya Nabi Ayyub ngombe toya niku, saklanjutipun sirno akabehe penyakit kang ano ing sisih njero utawi luar tubuhipun. (Tafsir Ibnu Katsir, Juz 4 hal. 52). Makaten ujian Allah tumrap Nabi nipun, wektu 18 tahun ditinggalaken dening sanak saudara nipun dados dalan urip kang awrat sanget, anangin ing mriki Nabi Ayub Alaihissalam mbuktikaken ketangguhan imannipun, mboten sekedik deweke ngraosaken derita lan wonten niat ninggalaken imannipun. Iman seperti niki jelas mboten diwenehi katahipun sederek  kita. Malah wonten sederek kita kang tega njual iman lan nukar aqidahipun kanthi sekantong beras lan sebungkus sarimi, jalaran ora tahan ngehadapi kesulitan urip kang mboten sepinten bilih dibandingake menapo kang dialami Nabi Ayyub Alaihissalam.
Sidang  jamaah rahimakumullah
   kang kepapat: Ujian lewat tangan wong-wong kafir lan wong-wong kang ora nyenengi Islam. Apa kang dialami Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa salam tuwin para sahabatipun terutami nalika taksih ing Mekkah, cekap dados pelajaran kangge kita, keimananipun diuji kanti mawarni-warni cobaan kang nuntut pengorbanan harta benda ngantos nyawa. antaranipun menapa kang dialami Rasulullah ing akhir tahun ketujuh kenabian, nalika wong-wong Quraisy sepakat mutuske hubungan menawa kemawon dengan Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sarto Bani Abdul Muththolib tuwin Bani Hasyim kang melindungi, kejobo yen kedua suku niku nyerahaken Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam supados dipejahi. Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sesarengan wong-wong kang mbela piyambakipun dikurung tigang tahun, deweke ngalami kelaparan lan penderitaan kang hebat. (DR. Akram Dhiya Al-'Umari, As-Sirah An-Nabawiyyah Ash-Shahihah, Juz 1 hal. 182).
   menapa kang dialami para shahabat mboten kalah beratipun, kados menapa kang dialami Yasir lan garwanipun kang asmo Sumayyah, tiang sepuh kekalihipun dados tiang kang pertama kang emninggal ing dalan dakwah periode Mekkah. Uga Bilal Ibnu Rabah Radhiallaahu anhu kang dipaksa ngunakaken baju besi banjur dijemur ing padang pasir kang panas, banjur diarak  anak-anak alit ngelilingi kota Mekkah lan Bilal Radhiallaahu anhu namu saget ngucap "Ahad, Ahad" (DR. Akram Dhiya Al-Umari, As-Siroh An-Nabawiyyah Ash-Shahihah, Juz 1 hal. 154-155).
   Lan kathah sanget kisah-kisah sanese kang nunjukaken pengorbanan lan panderitaan ing dalan berjuang mempertahanaken iman. nanging penderitaan meniko mboten sekedik ngendoraken semangat Rasulullah lan para shahabatipun berdakwah lan menyebaraken Islam.
   Musibah kang dialami sederek-sederek kito umat Islam ing ngendi papan wae jalaran kedengkian wong-wong kafir, dados ujian saking Allah marang umat Islam, sekaligus pelajaran berharga kangge umat Islam ing daerah-daerah sanesipun. Umat Islam ing Indonesia khususipun diuji kepripun  ketahanan imanipun ngehadapi serangan tiang-tiang kang sengit Islam. Ing negeri kang mayoritas pendudukipun non Muslim enten pembantaian kaum Muslimin, ribuan nyawa sampun melayang, sanes jalaran memberontak pemerintah utawi nyerang agama sanes, nanging namung jalaran ngucap: ( Laa ilaaha illallaahu ) لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ, mboten benten kaliyan apo kang dikisahaken Allah ing surat Al-Buruj ayat 4 - 8:
   "Hancur lan dilaknat wong-wong kang gawe jugangan, kang ano genine ngalab-alab(dinyalakan dengan) kayu bakar, nalika wong-wong mau ngubengi geni ing sak pinggiring jugangan. Lan wong-wong mau dadi saksi ing tindake dewe tumrap wong-wong mu'min(kang dilebokake ing jugangan. lan  deweke ora podo nyiksa wong-wong mu'min, kajobo mung  jalaran wong-wong Mu'min iku iman marang  Allah Kang Maha Perkasa lagi Maha Terpuji".
   Peristiwa niki mungkin bakal diulang malih, selami dunyo muniko taksih jejek, selami pertarungan haq kelawan bathil dereng berakhir, ngantos  tekanipun wektu kang sampun ditentukaken  Allah.
   Kito ngaturaken donga mugi-mugi sederek-dsederek kito kang gugur ing dalan njagi aqidah tuwin imanipun, dicatet kadosipun para syuhada ing ngarsanipun Allah. Amin. Mugi-mugi umat Islam kang wonten ing sanes daerah, saget mendet pelajaran saking mawarni-warni peristiwa, sahinggo kito mboten supe nalikane merangi pemikiran-pemikiran tiang-tiang kafir lan tansah berpegang teguh kaliyan ajaran Allah sarto tansah siap sedia nalikane teko wektu berkorban njagi dan nginggilaken ajaran islam, jalaran meniko salah satunggileng dalan tekanipun  pertolongan Allah marang kito sami, firmanipun Allah.
   "Hai wong-wong kang iman, umpama siro nulung(agama) Allah, niscaya Allah bakal nulung sira kabeh banjur  neguhaken kedudukanmu". (Muhammad: 7).

Baca Juga :
pasang iklan disini, GRATIS
Back to top