Khutbah Jumat Bahasa Jawa : "Ngudi Rizki"

 

Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Ta'ala kanti takwa  kang saksae-saenipun, injih menika ngamalkaken munapa kang diperintahkaken dening Pangeran saha Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam sarta nebihi menapa kang dilarang Pangeran saha Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam.
SELENGKAPNYA TENTANG MAGELANG, KLIK DISINI

Kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa 2015

Khutbah Jumat

"Prinsip tiang Muslim Ngudi Rizki saha usada saking Penyakit"

Oleh : Via InoaGroup.com

Shalawat sarta salam mugi tansah kaatur dumateng  nabi kita Muhammad shallallahu 'alaihi wa sallam, banjur dumateng keluarga, sahabat-sahabatipun, sarta  sedaya pengikutipun ngantos akhir zaman.
Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
Allah Subhanahu wa Ta'ala  sampun anjanjikaken bilih saben-saben makhluk ing bumi niki pasti angsal  rezeki saking Pangeran. Saking jenis manungsa, kang dados makhluk kang dimuliakaken, ugi jenis rajakaya sampun Pangeran jamin rizkinipun. Allah Subhanahu wa Ta'ala ngendika:

pasang iklan disini, GRATIS

"Lan ora ano  sawijining kala ing bumi mesti  Allah kang  paring rezkinipun, lan Pangeran mersani saben papan kewan tuwin papan pangane. Sedaya katulis ing Kitab kang nyata (Lauh mahfuzh)." (QS. Hud: 6)
Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
Nalika mapak  rezeki kang sampun katulis katakdirkaken dening Pangeran ,.., saben muslim kedah berprinsip milah lan milih rezki kang halal, sanes jalaran katahipun samukawis barang. Mekaten ugi nalika pacoban arupa gerah, mila kedah kalandasan pengobatan kang disyariatkaken agami, mboten berprinsip kang penting cepet mantun." Mangga  kita ngeningkakaen pawulanagn-pawulanagan kang nyangkut cara pikir kang kedah wonten ing pribadi setunggilang tiang muslim.
1. Rezeki saben manungsa ugi sedaya makhluk sampun dijamin Allah Ta'ala

"Lan ora ano  sawijining kala ing bumi mesti  Allah kang  paring rezkinipun, lan Pangeran mersani saben papan rajakaya  tuwin papan pangane. Sedaya katulis ing Kitab kang nyata (Lauh mahfuzh)." (QS. Hud: 6)
Ibnu Katsir rahimahullah nerangkaken, "Allah ta'ala paring kabar bilih Pangeran  Kang njamin rezeki sedaya makhluk, saking sedaya rajakaya ing bumi, gede-cilik ing daratan utawa lautan." (kitab Tafsir Al Quran Al Azhim).
Syaikh As Sa'dy rahimahullah nerangkaken, "Maksudtipun sedaya kang mlaku ing bumi sae saking  manungsa utawi kewan darat utawi laut,Gusti Pangeran sampun njamin rezeki lan panganipun, sedaya ditanggung dening Allah." (kitab Taisir Al Karim Ar Rahman).
"lan katah bebangsa kewan kang ora(mampu) mbeta(ngurus) rezekinipun.  Gusti Pangeran kang paring rezeki tumrap deweke lan tumrap sira kabeh lan Pangeran Maha Mireng ugi Maha Waspada." (QS. Al Ankabut: 60).
2.  Rezeki saben manusia sampun ditakdirkaken Allah Ta'ala
Mboten badhe satunggileng tiang angsal rezeki kecuali kang sampun ditakdirkaken. Mboten bakal  pernah mungkin satunggileng tiang mendet rezeki kang sampun ditetapkaken ing takdiripun dening Pangeran.عَ
"Abdullah bin Mas'ud radhiyallahu 'anhu mucal, "Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam medal sabda marang kawula lan slirane tiang kang bener lan dibenerkaken: "Sakestune saben-saben sira dikumpulkaken dening Maha Pencipta ing rahim ibunipun 40 hari arupa nutfah, banjur dadi 'Alaqoh (setetes getih) selajengipun dados Mudhghoh (segumpal daging) nalika mekaten  dipun utus Malaikat supados nyebulkaken ruh, banjur diperintahkaken nulis sekawan bab : Rizki, Ajal, Amal tuwin Cilaka/bingahipun. Mila demi Allah kang mboten  wonten  Tuhan selainipun, nalika satunggileng tiang ing  antarane sira kang nindakaken amalan ahli surga sahingga ora ano jarak antara piyambakipun tuwin suwarga kecuali segaris kemawon. Banjur piyambake nglaksanakaken satunggileng  perbuatan ahli neraka sahingga  piyambake masuk neraka.  Sawijineng tiang saking sira kang nindakaken amalan ahli neraka sahingga mboten wonte lagi jarak antara piyambakipun tuwin neraka kecuali segaris kemawon. Dweke ngrubah nindakaken  perbuatan ahli suwarga nalika tilaripun sahingga  piyambake masuk surga." (HR. Tirmidzi).
A Hasan Al Bashri rahimahullah nate dipun pundut pirsah: "Munapa Rahasia zuhud ing dunia?" piyambakipun pareng jawaban,
"kawula sumerep bilih rezekiku mbotrn bakal pernah wonten kang mendet lintunipun kawula, mila tenang babagan rezeki, lan kawula wus sumerep bilih ilmuku mboten bakal  wonten kang nindakaken lintunipun kawula, mila kawula nyibukaken ing ilmu,kawula sumerep bilih Allah tansah ngawasi kawula, mila kawula isin nalika nindakaken  maksiat, kawula sumerep bilih kematianbakal njemput kawula, mila siapkaken  bekal ketemunipun kaliyan Pangeran."
Al Baihaqi paring riwayat kanti  sanad  Muhammad bin Abi Abdan mucal: "Hatim Al Asham nate mundut pirsa: "duh rasul ing masalah munapa sira mbangun sikap tawakkal?" Sliranipun (rasul) paring pawulang, "ing 4 perkara: "sumerep bilih rezekiku ora ano kang mendet kajaba aku, mila aku ora mikirkaken masalah rizki, sumere bilih ilmuku ora bakal ano kang ngamalkaken selainku mila kawula sibukaken beramal,sumerep bilih kematian njeput kawula mila kawula  banjur (mendet bekal) lan sumerep bilih kawula tansah  ing Waspadanipun Pangeran, mila kawula isin nindakaken maksiat." (Atsar riwayat Al Baihaqi).
3. Saben  manungsa mboten bade dicabut nyawanipun ngantos sempurna rezeki kang ditakdirkaken
"Jabir bin Abdillah radhiyallahu 'anhu mucal: 'Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam medal sabda, "hai manungsa, tindakna takwa dumateng Allah lan damel kesaenan nalika madosi (rezeki),jalaran saben kang anggadahi nyawa pejah ngantos piyambake sempurna rezekinipun, saniaso nate terlambat dumateng piyambake, mila tumindakna takwa dumateng Allah lan mbeneri nalika madosi (rezeki), (yaiku) munapa kang halal tuwin  tinggalna  munapa kang diharamkaken." (HR. Ibnu Majah).
4. Allah kang paring kesarasan tumrap manungsa
 "lan nalika kawula  sakit, Pangeran Kang paring mantun." (QS. Asy Syu'ara:80).
"Aisyah radhiyallahu 'anha paring riwayat bilih Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallamnalika njenguk tiang sakit sliranipun dedonga: "Adz-hibil ba'sa robban naasi, isyfi wa antasy syaafi, laa syifaa-a illa syifaa-uka, syifa-an laa yughodiru saqoman" (duh gusti mugi paring ical  penyakit.., duh Pangeran kang nguasani sedaya manungsa .. ,mugi paring saras  sakestunipun paduka kang Maha Paring Kesarasan, mboten wonten kesarasan lintunipun saking pangeran, kesarasan kangmboten ninggalkaken  satunggileng  penyakit munapa pun)." (HR. Bukhari).
Lan Allah paring perintah tumrap kita supados berobat kanti sesuatu kang haram. Mangga kita ngeningkaken pawulang saking shahabat Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam, saking Abdullah bin Mas'ud radhiyallahu 'anhu:
إِنَّ الله لَمْ يَجْعَلْ شِفَاءَكُمْ فِيمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ
"Saktemen  Allahmboten damel kesembuhan saking barang kang  diharamkaken tumrap sira." (HR. Bukhari).
5. Penyakit merupakan penebus dosa
"Sa'ad bin Abi Waqqash radhiyallahu 'anhu mucal, "duh Rasulullah, manungsa munapa kang paling awrat ujianipun?" sliranipun medal abda, "Para Nabi banjur tiang-tiang ing ngandapipun,. Setunggilang tiang diuji sesuai kanti(kualitas) agamanipun, menapa  agamanipun kiat mila ditambah ujianipun, lan menapa agamanipun lemah mila diuji sesuai kanti kekiatan  agamanipun. Tansah wonten ujian tumrap satunggileng tiang ngantos akhiripun mboten anggadahi dosa." (HR. Ibnu Majah)
Akhiripun , insyaAllah kita muslim kang mboten:
    ninggalkaken akidah kita,jalaran banda kang sampun katakdirkaken tumrap kita..
    ninggalkaken akidah kita, jalaran madosi kesarasan saking  penyakit.
Baca Juga :
pasang iklan disini, GRATIS
Khutbah Jumat Bahasa Jawa : "Ngudi Rizki" 4.5 5 inoa group Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Ta'ala kanti takwa  kang saksae-saenipun, ...


No comments:

Post a Comment

Back to top