Sekedhap malih tanggal 1 Mei 2016, dipun pengeti minangka Hari Buruh, dinten ingkang biasanipun tambah rame amargi wonten mergi kathah buruh sami demo, kathah ingkang nuntut hak-hakipun ngupaya nafkah. Anamung kita Umat Muslim kedah saged milih-milih cara ingkang santun, ingkang boten paring mudharat tiyang sanes. Ugi wonten ing kesempatan khutbah punika keparenga kawula ngaturaken hikmah ingkang kedah kita pundhut minangka mengeti Hari Buruh punika.DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI
Showing posts with label khutbahEdit. Show all posts
Showing posts with label khutbahEdit. Show all posts
Home > Posts filed under khutbahEdit
Khotbah Basa Jawa : Ikhlas Iku Ngeculake Kanthi Ati Seneng
Author: inoa group Tags khutbahEdit
Alasan kagem ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Ta'ala boten nate mandheg, kathah nikmat dalah anugerah ingkang boten waged kita etang, amargi kita memang boten waged ngetang kanikmatan ingkang sampun kita tampi. Sholawat saha salam mugi konjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Sholallahu Alaihi Wassallam, ingkang sampun maringi pitedah dalan terang ingkang dados suri teladan kagem kito sedoyo.. DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI
Para
sedherek ingkang dipun mulyakaken Allah, ingkang tansah dipun paringi kekiatan,
ingkang tansah dipun paringi kesabaran nglampahi rutinitas dalan agesang
ingkang boten gampang, mugiyo Allah tansah paring petunjuk lan dalan sae wonten
tengah-tengah perjalanan gesang ingkang kathah dinamika punika, Amin.
Khutbah Jum'at Bahasa Jawa:"Ngadhepi Godaning Syetan"
Author: inoa group Tags khutbahEdit
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos ing kesempatan Jum’at siang punika kita saget nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing dinten Jum’at punika saget katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugia tetep kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.. DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jum’at rokhimakumullah.
Taksih ing swasana warsa enggal 2015 M, para sedherek, kita taksih enget kathah sanget prastawa lan rupi-rupinipun kawontenan ingkang dumados ing sadangunipun setunggal tahun punika. Wonten prastawa lan kawontenan ingkang damel remenipun ati. Ananging ugi mbaten sekedik wonten kedadosan ingkang andamel susah lan kirang sekecaning manah. Sedaya punika minangka pepaesipun gesang ing ngalam donya. Samangke sumangga kita sesarengan sami mawas diri dhateng badan kita piyambak lan selajengipun kita nuli pitaken dumateng badan kita piyambak, punapa kita punika sampun saged klebet golongan mukmin, Punapa kita sampun enstu-estu iman engkang leres, sampun estu-estu beramal shaleh, sedaya ingkang kita tindakaken mesti saenipun, mesti amal tumindak ingkang dipun ridlani dening Allah punapa mboten.
Atur keterangan punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Allah SWT, wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Hasyr ayat 18 :
“He wong-wong kang padha iman, taqwa-a sira kabeh marang Allah, lan saben-saben wong supaya padha nggatekake marang sakabehing amal tumindak ana ing dina-dina kepungkur kanggo kemaslahatane dina-dina kang bakal tumeko, lan padha taqwa-a sira kabeh marang Allah, satemene Allah iku Maha pirsa marang apa bae kang kok tindakake”.
Hadirin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Ayat punika paring keterangan dhumateng kita sedaya, bilih punapa kemawon ingkang kita raosaken ing dinten punika minangka asil saking tumindak kita ing wekdal kepengker, lan sedaya punika boten saget kita raosaken tanpa usaha ing temen. Hubungan sebab lan akibat minangka sunatullah ingkang kedah terus kita perjuangaken, liiripun akibat ingkang sae minangka asil saking amal shalih ingkang kita tindakaken, lan kosok wangsulipun akibat awon, minangka asil saking tindak ingkang lelawanan kaliyan tuntunan agami, Firman Allah ing QS An Najm:39:
وَأَن لَّيۡسَ لِلۡإِنسَـٰنِ إِلَّا مَا سَعَىٰ
“Lan manungsa ora nduweni apa-apa kejaba apa kang wus diusahaake”.
Para sedherek. Gesang wonten ini salebeting jaman ingkang dipun wastani
jaman kemajengan kadas samangke punika satuhu andadosaken manah kita
sakelangkung prihatos dene nyipati babaring kawontenan ingkang sarwo
morak-marik. Rakiting hukum tata pranatan ngagesang tuwin angger-angger ingkang
amrih tata tentrem raharjaning gesang sampun katrajang wani tanpa deduga lan
prayoga. Sesipatan dalah paugeraning manungsa pranyata sampun malik grembyang
kados dene bumi lan langit. Ingkang lepat kaanggep leres, ingkang leres dipun
damel lepat, sedaya awisan dipun lampai, dene prentah sami dipun tebihi.
Tumindak awon sampun kados padatan kalimrahing ngagesang, hawa nepsu angkara
murka kaumbar sak sakecanipun tanpa wigah-wigih, wondene pakarti sae kaanggep
aeng lan dados gegujengan. Punika kalawau wujudipun kawontenan ingkang kapranata
mbaten mawi angger-angger tuntunaning agami Islam.
Menawi swasana ingkang kados makaten punika kekadosan ing negari ingkang
mayoritas anggrungkebi agami Islam punapa mbaten mrihatosaken sanget ?. mangka
sejatosipun wonten ing bebrayaning masyarakat umat Islam, kedahipun mboten
badhe kedadosan swasana ingkang kados makaten wujudipun. Ingkang makaten
kalawau dados pratanda bilih umat Islam dereng nindakaken taqwallah dalah
jejibahan ingkang kedah katindakaken, sami ugi tumrap pribadinipun piyambak
utawi bebrayan masyarakat, dereng saget ajak-ajak sarta paken nindakaken
pakarti ingkang sae lan nebihi awisan. Allah paring Firman wonten ing QS. Ali
Imran : 104:
”Lan
dadiya saka antarane sira kabeh iku sawijining umat kang ajak-ajak marang
tumindak becik, mrentahake marang kebecikan lan nyegah saka tumindak ala. Ya
dheweke kabeh iku wong-wong kang padha antuk kabekjan”
Menawi kawontenanipun kados makaten nedahaken bilih taksih kathah sanget bebrayan masyarakat kita ingkang dereng mapanaken dhiri ngrasuk ing salebeting agami Islam kanthi sawetahipun sarana leres kados ingkang dipun kersakaken dening Allah. Kita ngakeni bilih agami kita Islam, ananging tatacara gesang lan pakarti kita asring mboten ngginakaken tuntunan syariat Islam, malah kesengsem lan nganggep langkung sae, langkung terhormat cara sanes, senaosa cara sanes punika lelawanan kaliyaan ajaran agami Islam.
Cobi kita galih, kados pundi cara kita pados pangupa jiwa, kados pundi
kita ndidik para putra, mimpin kaluwarga kita, sesrawungan kita, ugi sedaya
mobah-mosik kita saben dinten ing sadengah perkawis, pundi ingkang sampun
adhedasar tuntunan syariat Islam ? manawi dereng wonten babar pisan ateges kita
punika dereng mlebet agami Islam kanthi sawetahipun, saengga saget kedadosan
masyarakat mayoritas muslim ananging pranatanipun sanes Islam.
Mangka sejatosipun ingkang kasebat ngrasuk agami Islam punika inggih
kados ingkang kadhawuhaken wonten Al-Qur’an Surat Al Baqarah ayat 208 :
”He
wong-wong kang padha iman ! Lumebuwa sira kabeh ing sajroning Islam kanthi
sakabehane, lan aja tut wuri marang langkah-langkah syetan. Satemene syetan iku
mungsuhira kang nyata”.
Hadirin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Ayat kalawau nedahaken bilih sok sintena tiyang ingkang ngaken iman
kedah nindakaken hukum-hukumipun Allah ing sedayanipun, kanthi lelandhesan
pasrah, tunduk lan ikhlas kerana Allah. Wondene wewatoning pasrah punika tresna
dhateng bedhamen, nilar pasulayan ing antawising sesami.
Prentahing Allah ingkang kasebat ing ayat punika asipat tetep lan
langgeng, ingkang tegesipun tetep pasrah ingarsanipun Allah sawetahipun ing
salami-laminipun. Tumunten ing salajengipun kita kedah nebihi lan sampun
ngantos tut wuri tumut-tumut nindakaken pakarti lan tumindaking syetan ingkang
tansah nggodha supados manungsa sami kasasar. Langkah lan margining syetan
makaten, awujud pakarti ingkang andadosaken crah ing salebeting agami, padudon,
dalah pasulayan. Sinaosa ketawisipun nengsemaken, ananging asil ingkang mangke
kapethik dhawah kosok wangsulipun. Ayat kalawau sampun samestinipun kita kedah
tumunten ambangun malih patrap anggen kita nindakaken agami Islam ingkang
kanthi saleresipun miturut wewaton ingkang sampun kadhawuhaken Allah. Sanes
Islam sak remen kita piyambak !. Kanthi wangsul utawi mbangun malih sarta
mapanaken dhiri pribadi kita salebeting Islam sawetahipun ateges kita mbudi
daya njejegaken agami Islam ing madyaning bebrayan ingkang saya dangu saya
majeng ing sedayanipun. Godhaning syetan ingkang kita adhepi ugi saya awrat,
malah langkung prakosa lan sakelangkung alus.
Manawi kita ningali kawontenan, umat Islam pancen kathah ananging tanpa
bobot lan saya ringkih jalaran paribasan namung kados umplukipun seganten
kasempyok ing ombak nengah minggir ing tepining samodra. Kathah cacahipun
ananging islamipun namung wonten pinggiran, tegesipun anggenipun sami
ngrungkebi ing agami namung pundi ingkang remen dipun lampahi, dene ingkang
mboten dipun remeni inggih dipun tilar sasekecanipun.
Kawontenan punika ingkang sampun nate kakadosan ing jaman rumiyin
sahengga kadhawuhaken Allah ing Al-Qur’an Surat Al Hajj ayat 11 :
“Lan ing antaraning manungsa ana wong kang
penembahe marang Allah dumunung ing pinggiran. Lamun dheweke antuk kabecikan
tetep ing panembahe, dene samangsa kataman ing panandang banjur mbalik mungkar.
Dheweke iku kapitunan ing ndonya lan ing akhirat. Kang mangkono iku kapitunan
kang nyata”.
Inggih kapribadhen minggir makaten punika ingkang kedah kita rombak lan
kita bangun malih ing saranduning badanipun umat Islam tumuju kapribaden Islam
ingkang hakiki kangge mujudaken bebrayan masyarakat Islam ingkang saleresipun.
Tanpa makaten tartamtu badhe nandang kapitunan saageng-agengipun ing
salami-laminipun, jalaran punapa ingkang kita tindakaken pranyata mboten wonten
ginanipun awit mboten gathuk kaliyan tuntunaning syariat agami sahengga mboten
badhe katampi.
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Wosing atur mboten sanes sumangga patrap
anggen kita ngrungkebi agami Islam sarta anggen kita taqwa dhateng Allah punika
ingkang saestu, sawetahipun, lan saleres-leresipun sahengga kapribaden kita
dados kapribaden Islam ingkang badhe mujudaken bebrayaning masyarakat umat
Islam sayektosipun. Masyarakat ingkang pratapipun saget mangayu hayuning
bawana, tata titi tentrem karta raharja, bekja fi dunya wal akhirah, amin ya
rabbal alamin.
Ikhtiyar Nggayuh Kabegjan
Author: inoa group Tags khutbahEdit
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Raos syukur tansah kita konjukaken wonten ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun paring mapintn-pinten kanikmatan, rizki, dalah pagesangan datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam katetepna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang lurus.
Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.
DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Mangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene
ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wonten syari’at agami Islam.
Sampun ngantos tumindak kita wonten ingkang nyimpang
saking tuntunan agami ingkang suci supados gesang kita pikantuk rahmat sarta pangayom saking ngarsa dalem Allah SWT,
wilujeng tentrem lan manggih kabegjan dunia akhirat.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Sampun dipun sebataken wonten ing Al Qur’an :
wr& cÎ)
uä!$uÏ9÷rr&
«!$# w
êöqyz
óOÎgøn=tæ wur öNèd
cqçRtøts ÇÏËÈ
Ingkang artosipun : “Elinga, satemene wong-wong kang dikasihi dening
Allah iku ora ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan ora sedhih.”
(Q.S. Yunus : 62)
Manungsa punika satuhu anamung makhluk ingkang kathah kekiranganipun, inggih jalaran sak inggiling manungsa taksih wonten dzat
ingkang kuwaos ingkang nemtokaken sedaya samukawis ing donya punika, inggih
punika Allah SWT.
Jalaran miturut ajaran Islam donya punika wonten ing
panguwaosipun Allah manungsa boten saged uwal saking panguwaosing Allah SWT. Awit saking punika, kanthi perjuangan, manungsa dipun wajibaken dening agami
ikhtiyar nebihi kejahatan lan kemungkaran.
Sampun ngantos manungsa nekat anglampahi bab-bab ingkang dipun awisaken, boten sae jalaran ingkang
makaten punika boten cocok kaliyan fitrahipun makhluk ingkang asma manungsa.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Manungsa kepengin pinter kedah berjuang ngupados ngelmu,
kepingin sandhang tedha kedah ngetog kekiyatan ngupados sandhang tedha kanthi
margi ingkang halal boten kenging ngalamun namung ngajeng-ajeng dhawahing emas
saking langit.
Jalaran saestunipun langit boten badhe jawah emas lan
perak.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Dipun sebataken wonten ing
Al Qur’an :
Ingkang artosipun : “Samangsa wis rampung shalat mula banjur padha
sumebara kowe kabeh ana ing bumi lan padha goleka anugerah rizkining Allah lank
owe kabeh akeh anggone eling marang Allah SWT. supaya kowe kabeh oleh
kabegjan.”
(Q.S. Al Jumu’ah )
Ing ayat sanes dipun sebataken :
Ingkang jawinipun : “Satemene Allah ora bakal ngowahi
apa kang disandhang dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya
ngrobah apa kang wis di alami mau.” (Q.S. Al Ro’du :11)
Wal hasil para sedherek. Manungsa dipun wajibaken
ikhtiyar wonten ing ikhtiyar para manungsa samiya tansah enget dateng Allah SWT, artosipun enget bilih “Boten wonten ingkang saged
ngalang-ngalangi punapa ingkang paduka paringaken, lan boten wonten ingkang
saged maringi punapa ingkang paduka alang-alangi”.
Sedaya gumantung Allah. Manawi usahaning manungsa punika
saged kadumugen punika hakekatipun saking keparengipun welas asih Gusti Allah, artosipun inggih atas kamirahaning Allah
ugi. Sebab para sedherek, manawi Allah dereng marengaken kadumugen sedyanipun
temtu boten saged kelampahan.
Kajawi punika para sedherek. Salebetipun ikhtiyar sampun
ngantos wonten raos putus asa utawi nglokro saking rahmating Allah ingkang Maha
Kuwaos.
Manawi usaha kaping sepisan dereng kasil saged ugi usaha
kita dereng trep mila sasaged-saged ngudiya usaha malih sebab sinten mangertos
para sedherek manawi Allah sampun nakdiraken Insya Allah badhe Kabul jalaran
Allah Maha Pengasih lan Penyayang.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kados pangandikanipun Nabi Ya’kub dateng putra-putranipun
:
Ingkang artosipun : “He anak-anakku padha lungaa golekana Yusuf lan aja
padha putus asa saka rahmating Allah SWT.”
(Q.S. Yusuf :87)
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kasebat wonten ing kitab “Durrotun Nashihiin” kaca: 256, dipun terangaken ingkang maksudipun kemawoten “Bilih kagem nggayuh Al Falah“ utawi kabegjan ingkang sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :
1. Zuhud
2. Maos Al-Qur’an
3. Sekedhik Ngendika
4. Nebihi Perkawis Syubhat
5. Sholat Khusyu’
6. Remen Srawung dhumateng tiyang sholeh
7. Andhap asor
8. Loma boten pelit
9. Raos tresna dumateng sesaminipun Mukmin
10. Nglampahi Gesang ingkang migunani dumateng masyarakat
11. Tansah eling pejah.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kasebat wonten ing kitab “Durrotun Nashihiin” kaca: 256, dipun terangaken ingkang maksudipun kemawoten “Bilih kagem nggayuh Al Falah“ utawi kabegjan ingkang sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :
1. Zuhud
2. Maos Al-Qur’an
3. Sekedhik Ngendika
4. Nebihi Perkawis Syubhat
5. Sholat Khusyu’
6. Remen Srawung dhumateng tiyang sholeh
7. Andhap asor
8. Loma boten pelit
9. Raos tresna dumateng sesaminipun Mukmin
10. Nglampahi Gesang ingkang migunani dumateng masyarakat
11. Tansah eling pejah.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Punapa ingkang kasebat wonten Durootun Nashihiin ngengingi usaha-usaha ingkang luhur ingkang kedah dipun tindakaken manungsa kagem nggayuh kabegjan ingkang sejatos, supados gesang kita pikantuk rahmat, ridha saha tansah wonten pangayuning Allah SWT. Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dating margi ingkang leres nyingkiri perkawis ingkang boten sae.
Akhirul kalam mangga kita nyuwun wonten ngarsaning Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun jembaraken dening Allah SWT saget ngamalaken tuntunan agami kanthi sasae-saenipun mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat wonten ing donya dumugi akhirat, amin.
Ngupaya Nafkah Miturut Syar'i
Author: inoa group Tags khutbahEdit
Al-Qur’an wonten kathah sanget ayat nyebataken bilih iman boten cekap tanpa wonten amal shaleh. Wonten ing kesempatan khutbah punika keparenga kawula ngaturaken tema Ngupados Nafkah.
Al-Qur’an wonten kathah sanget ayat nyebataken bilih iman boten cekap tanpa wonten amal shaleh. Salah satunggalipun dipun sebataken wonten Surat Al-Ashr ingkang artosipun :
1. Dhemi wekdal.
2. Sayektosipun manungsa punika temen wonten ing sajroning kapitunan,
3. Kajawi ingkang sami mangestu sarta nindhakaken panggawé ingkah saé (amal sholèh), lan weling-wineling ing kabeneran, sarta weling-wineling ing kasabaran.
Dipun sebataken bilih ciri-ciri manungsa ingkang boten kapitunan nggih punika ingkang purun pados nafkah, amal shaleh, ugi weling-wineling ing dalem kabecikan.
Ugi wonten ayat sanes dipun ngendikakaken :
“Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah.” (Al Mulk:15)
Manawa sholat jum'at wis rampung padha sumebara ana bumi, golek pangupa jiwa murih oleh rizki peparinge Allah lan akeha eling marang ALlah supaya padha begja. (Al Jumuah:10)
Sanesipun, saking hadits-hadits ugi kathah ingkang nyebataken kautamaanipun pados nafkah,
“Sebaik-baik kamu adalah yang paling baik perangainya/ akhlaqnya”
“Sebaik-baik manusia adalah yang paling bermanfaat bagi manusia”
“Muslim yang terbaik adalah muslim yang muslim lainnya selamat/merasa aman dari gangguan lisan dan tangannya.”
“Sebaik-baik kamu adalah yang belajar Al-Quran dan mengajarkannya”
“Sebaik-baik kamu adalah yang terbaik (berperilaku) kepada keluarganya”
“Tangan diatas lebih baik daripada tangan di bawah”
“Sebaik-baik kamu ialah orang yang mempertahankan keluarganya selagi perbuatan itu tidak membawa kepada dosa”
“Barangsiapa yang menjadi susah pada petang hari kerana kerjanya, maka
terampunlah dosanya.” (Hadis riwayat Tabrani)
Ngupaya Nafkah Minangka Pengabdian Dhumateng Allah
Umpami ingkang dipun bahas pados nafkah, sedaya manungsa pados nafkah, umat sanesipun Islam ugi pados nafkah, bahkan para ateis ugi pados nafkah. Anamung wonten ingkang dados bedanipun Muslim kaliyan umat sanes, inggih punika Ngupaya Nafkah minangka sebagian saking ibadah.
Ngupaya nafkah kanthi syari miturut Islam wonten ciri-cirinipun, nggih punika : Pengabdian nyadhong ridhaning Pangeran, Caranipun boten bertentangan syariat Islam, Bidangipun Halal/Makruf, Manfaatipun saged dipunraosaken tiyang sanes (rahmatalil’alamin)
Ngupaya nafkah kanthi maksimal wonten cara-cara ingkang miturut syar’i punika ingkang dipunsebat “ihsan” (sae) hasilipun saged dipun sebat “itqan” (hasil paling sae).
Minangka panutup, mangga kawula paring piweling dhumateng diri pribadi kawula, ugi panjenengan sedaya, mangga-mangga sedaya langkah kita ing dalem pados nafkah dipun niati zikir kita dhumateng Allah. Mugiyo sedaya nafkah ingkang kita tampi saged pun paringi barokah, halal, thoyyibah, Amin.
baca selengkapnya
<<< KLIK DISINI >>>
Subscribe to:
Posts (Atom)