Ikhtiyar Nggayuh Kabegjan

 

Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Raos syukur tansah kita konjukaken wonten ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun paring mapintn-pinten kanikmatan, rizki, dalah pagesangan datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam katetepna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang lurus.
Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.
DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI

Kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa 2015

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Ikhtiyar Nggayuh Kabegjan"

Oleh : Solichin Soliriza 





Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Mangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wonten syari’at agami Islam.
Sampun ngantos tumindak kita wonten ingkang nyimpang saking tuntunan agami ingkang suci supados gesang kita pikantuk rahmat sarta pangayom saking ngarsa dalem Allah SWT, wilujeng tentrem lan manggih kabegjan dunia akhirat.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Sampun dipun sebataken wonten ing Al Qur’an :
wr& žcÎ) uä!$uŠÏ9÷rr& «!$# Ÿw êöqyz óOÎgøŠn=tæ Ÿwur öNèd šcqçRtøts ÇÏËÈ
Ingkang artosipun : “Elinga, satemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku ora ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan ora sedhih.”
(Q.S. Yunus : 62)

Manungsa punika satuhu anamung makhluk ingkang kathah kekiranganipun, inggih jalaran sak inggiling manungsa taksih wonten dzat ingkang kuwaos ingkang nemtokaken sedaya samukawis ing donya punika, inggih punika Allah SWT.
Jalaran miturut ajaran Islam donya punika wonten ing panguwaosipun Allah manungsa boten saged uwal saking panguwaosing Allah SWT. Awit saking punika, kanthi perjuangan, manungsa dipun wajibaken dening agami ikhtiyar nebihi kejahatan lan kemungkaran.
Sampun ngantos manungsa nekat anglampahi bab-bab ingkang dipun awisaken, boten sae jalaran ingkang makaten punika boten cocok kaliyan fitrahipun makhluk ingkang asma manungsa.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Manungsa kepengin pinter kedah berjuang ngupados ngelmu, kepingin sandhang tedha kedah ngetog kekiyatan ngupados sandhang tedha kanthi margi ingkang halal boten kenging ngalamun namung ngajeng-ajeng dhawahing emas saking langit.
Jalaran saestunipun langit boten badhe jawah emas lan perak.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Dipun sebataken wonten ing Al Qur’an : 
Ingkang artosipun : “Samangsa wis rampung shalat mula banjur padha sumebara kowe kabeh ana ing bumi lan padha goleka anugerah rizkining Allah lank owe kabeh akeh anggone eling marang Allah SWT. supaya kowe kabeh oleh kabegjan.”
(Q.S. Al Jumu’ah )
Ing ayat sanes dipun sebataken :
Ingkang jawinipun : “Satemene Allah ora bakal ngowahi apa kang disandhang dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya ngrobah apa kang wis di alami mau.” (Q.S. Al Ro’du :11)
Wal hasil para sedherek. Manungsa dipun wajibaken ikhtiyar wonten ing ikhtiyar para manungsa samiya tansah enget dateng Allah SWT, artosipun enget bilih “Boten wonten ingkang saged ngalang-ngalangi punapa ingkang paduka paringaken, lan boten wonten ingkang saged maringi punapa ingkang paduka alang-alangi”.
Sedaya gumantung Allah. Manawi usahaning manungsa punika saged kadumugen punika hakekatipun saking keparengipun welas asih Gusti Allah, artosipun inggih atas kamirahaning Allah ugi. Sebab para sedherek, manawi Allah dereng marengaken kadumugen sedyanipun temtu boten saged kelampahan.
Kajawi punika para sedherek. Salebetipun ikhtiyar sampun ngantos wonten raos putus asa utawi nglokro saking rahmating Allah ingkang Maha Kuwaos.
Manawi usaha kaping sepisan dereng kasil saged ugi usaha kita dereng trep mila sasaged-saged ngudiya usaha malih sebab sinten mangertos para sedherek manawi Allah sampun nakdiraken Insya Allah badhe Kabul jalaran Allah Maha Pengasih lan Penyayang.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kados pangandikanipun Nabi Ya’kub dateng putra-putranipun :
Ingkang artosipun : “He anak-anakku padha lungaa golekana Yusuf lan aja padha putus asa saka rahmating Allah SWT.”
(Q.S. Yusuf :87)





Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kasebat wonten ing kitab “Durrotun Nashihiin” kaca: 256, dipun terangaken ingkang maksudipun kemawoten “Bilih kagem nggayuh Al Falah“ utawi kabegjan ingkang sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :
1.      Zuhud
2.    Maos Al-Qur’an
3.    Sekedhik Ngendika
4.    Nebihi Perkawis Syubhat
5.    Sholat Khusyu’
6.    Remen Srawung dhumateng tiyang sholeh
7.    Andhap asor
8.    Loma boten pelit
9.    Raos tresna dumateng sesaminipun Mukmin
10.      Nglampahi Gesang ingkang migunani dumateng masyarakat
11.   Tansah eling pejah. 


Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kasebat wonten ing kitab “Durrotun Nashihiin” kaca: 256, dipun terangaken ingkang maksudipun kemawoten “Bilih kagem nggayuh Al Falah“ utawi kabegjan ingkang sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :
1.      Zuhud
2.    Maos Al-Qur’an
3.    Sekedhik Ngendika
4.    Nebihi Perkawis Syubhat
5.    Sholat Khusyu’
6.    Remen Srawung dhumateng tiyang sholeh
7.    Andhap asor
8.    Loma boten pelit
9.    Raos tresna dumateng sesaminipun Mukmin
10.      Nglampahi Gesang ingkang migunani dumateng masyarakat
11.   Tansah eling pejah. 


Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Punapa ingkang kasebat wonten Durootun Nashihiin ngengingi usaha-usaha ingkang luhur ingkang kedah dipun tindakaken manungsa kagem nggayuh kabegjan ingkang sejatos, supados gesang kita pikantuk rahmat, ridha saha tansah wonten pangayuning Allah SWT. Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dating margi ingkang leres nyingkiri perkawis ingkang boten sae.
Akhirul kalam mangga kita nyuwun wonten ngarsaning Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun jembaraken dening Allah SWT saget ngamalaken tuntunan agami kanthi sasae-saenipun mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat wonten ing donya dumugi akhirat, amin.
Kumpulan Khutbah Bahasa Jawa

Ikhtiyar Nggayuh Kabegjan 4.5 5 inoa group Kaum Muslimin Rahimakumullah . Raos syukur tansah kita konjukaken wonten  ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun  paring mapintn-pin...


No comments:

Post a Comment

Back to top