Wulan Panas Ramadhan

 


KHUTBAH JUMAT BASA JAWA : WULAN RAMADHAN WULAN INGKANG PANAS

.


Wulan Ramadhan ingkang kita ajeng-ajeng boten dangu malih badhe dhumawah. Umat Islam soma siap-siap nyambet wulan Ramadhan kanthi lahir ugi bathos. Lahiripun kita nyiapken badan kita, jasmani kita kanthi njaga supados tetep sehat sahingga ing dalem nglaksanakaken ibadah shiyam saged langkung kiat. Bathiniyah ugi kita kedah nyiapaken ruhani kita kanthi ngangsu kawruh, sinau ngudi ilmu sahingga saged terang jiwa kita nyambut wulan ingkang suci, wulan Ramadhan. Khutbah Jumat Basa Jawa punika mugiyo saged ndadosno manfaat dumateng para khatib ugi umat kagem sarana dakwah nyambut wulan Ramadhan.



.
.


ألْحَمْدُلِلّهِ الّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِ الأَوْقَاتِ, وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الأَيَّامِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ, وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصِامَ. اللهمّ صَلّ وسّلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدِ وعَلى آلِه وأصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أمَّا بعْدُ, فيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَِ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الأَثَامِ.

Hadirin jama’ah shalat jum’at rahimakumullah.
Monggo wonten ing dinten ingkang mulya punika, kawula ngajak diri kita pribadi ugi sedaya jamaah, sareng-sareng kita tingkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, nun inggih kanthi saestu-estu nglampahaken punapa ingkang dados perintah Allah SWT ugi ninggalaken sedaya ingkang dados laranganipun Allah SWT, sahingga kanthi ridha Allah kita kalebet dateng golongan hamba-hamba ingkang tansah untung wonten ing donya ugi ing akhirat, amin amin yaa rabbal ‘alamiin.
Hadirin jama’ah shalat jum’at rahimakumullah
Boten dangu malih tamu kita ing mulya wulan Ramadhan badhe dhumawah. Tamu mulya ingkang ngasta kathah sanget keistimewaan dumateng kita ingkang boten waged kita alami ing wulan-wulan sanes. Wonten ing dalem wulan Ramadhan nilai ibadah dipun lipataken mapinten-pinten, doa-doa dipun kabulaken, dosa-dosa dipun ampuni, swarga dipunbika, neraka dipun tutup. Ramadhan nun inggih kadosto tamu agung ingkang dipun tenggo-tenggo rawuhipun, rugi manungsa ingkang boten waged kepanggih, anamung langkung rugi malih sinten-sinten ingkang kepanggih namung boten waged mundhut manfaat saking keistimewaan punika.

BUKU KHOTBAH JUM'AT BAHASA JAWA 2015, SUDAH TERBIT !!!

BUKU KUMPULAN KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA 2015, PESAN SEKARANG !!!

Mila punika, kita kedah nyiapaken kanthi saestu-estu nyambut wulan Ramadhan, sahingga kita saged mundhut manfaat kanthi maksimal kagem ibadah nyaketaken jiwa raga dumateng Allah SWT, sahingga punapa ingkang dados tujuan akhir saking shiyam Ramadhan, nun inggih derajat “Taqwa” saged kita pundhut. Sabda Rasulullah woten hadits ingkang dipunriwayataken an-Nasa’i saking Abu Hurairah :

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرْدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ …… (سنن النسائي الجزأ 7 ص.  256 : (2079))

Artosipun :
Saking sahabat Abu Hurairah r.a. nate ngendika, bilih Rasulullah nate sabda :
“Saktemene wis teko marang sira kabeh wulan Ramadhan, wulan kang kebak berkah, ono ing wulan iku Allah majibake marang sira kabeh podho poso. Ing wulan iku, langit lawange dibuka, neraka lawange ditutup, setan-setan dibelenggu. Ing wulan iku ono salah sijining wengi kang luwih apik tinimbang sewu wulan. (HR. an Nasa’i)

.
.



Kejawi punika, Rasulullah paring pangajar dumateng kita salah satunggaling donga ingkang sae dipun konjukaken sakderengipun Ramadhan, inggih punika : Allahuma bariklana fii Rajaba wa Sya’bana, wa ballighna Ramadlana… (ya Allah berkahi kami di bulan Rajab dan Sya’ban, dan sampaikan kami pada Ramadhan) (HR. Ahmad dan Bazzar).
Mila, monggo kita sambet wulan Ramadhan kanthi manah ingkang bingah, “Marhaban Yaa Ramadhan (Sugeng Rawuh Wulan Ramadhan), kita sambet wulan ingkang kathah barokah kanthi manah ingkang bingah”.
Prof. Dr. Quraish Shihab, ulama tafsir Indonesia lulusan Universitas Al-Azhar Mesir paring penjelasan bilih “Marhaban” punika asalipun saking akar kata “rahb” (رَحْبٌ) ingkang artosipun (وَاسِعٌ, رَحِيْبٌ) “luas utawi wiyar”, sahingga marhaban nggambaraken bilih tamu ingkang rawuh punika dipun sambut kanthi bingahipun manah, kanthi tangan ingkang kebuka, kanthi seneng, ugi dipun persiapaken sedaya kagem tamu punika.

BUKU KHOTBAH JUM'AT BAHASA JAWA 2015, SUDAH TERBIT !!!

BUKU KUMPULAN KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA 2015, PESAN SEKARANG !!!

Wonten malih “rahbah” ingkang artosipun “panggenan wiyar kagem kendaraan” kagem bekal perjalanan. “Marhaban Ya Syahra Ramadhan” artosipun “kita nyambut kanthi manah bingah ugi kita siapaken panggenan ingkang wiyar supados bebas nglaksanaken punapa kemawon, ingkang saged ngasah dalah ngasuh jiwa ruhani kita”.
Wonten ing bahasa Arab wulan kasebat “syahr” (الشَّـهْرُ) ingkang artosipun “terkenal” utawi populer. Piyantun Arab biasanipun paring asma dumateng wulan dipun sesuaikaken dening kawontenan wulan kasebat. Keranti dhawahipun perintah shiyam wonten ing musim panas, mila wulan punika kasebat “Ramadhan” ingkang akar katanipun saking “Ramidha” (رَمِضَ) ingkang artosipun “panas sanget, nggarang” dipunsebabaken srengenge ingkang manasi pasir-pasir wonten gurun. Artos sanesipun, nun inggih “watu karang ingkang saged nggarang”.
Hadirin jama’ah shalat jum’at rahimakumullah










.

RAMADHAN 2014

SOLIRIZA
SOLIRIZAFB
Wulan Panas Ramadhan 4.5 5 inoa group KHUTBAH JUMAT BASA JAWA : WULAN RAMADHAN WULAN INGKANG PANAS . Wulan Ramadhan ingkang kita ajeng-ajeng boten dan...


No comments:

Post a Comment

Back to top