Showing posts sorted by date for query khutbah. Sort by relevance Show all posts
Showing posts sorted by date for query khutbah. Sort by relevance Show all posts

Kautaman Ibadah wonten ing Wulan Ramadhan

 

Sedaya puji syukur dumateng Allah, ingkang tansah paring mapinten-pinten kanikmatan, saha sholawat mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW., kawula wasiat dumateng panjenengan sedoyo, khususipun pribadi kawula piyambak, monggo samiyo nambahi takwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken. DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI

Kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa 2015

Kautaman Ibadah wonten ing 

Wulan Ramadhan

Oleh : Solichin Soliriza 

Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.

Sapunika kita wonten ing saklebetipun wulan Ramadhan, wulan ingkang agung, wulan ingkang kebak berkahipun Allah. Wonten wulan punika Allah nurunaken al-Qur’an, kitab panutan kita umat Islam, kitab ingkang isi pitedah-pitedah ingkang sae tumra mukmin. Ugi ing dalem wulan punika wonten dalu ingkang langkung sahe ketimbang sewu wulan, dalu punika dipun wastani lailatul Qodar.
Allah majibaken dumateng kita sedoyo siyam ing dalem wulan Ramadhan punika minongko ad-Dzikr / pepiling tumraping menungso ingkang panci kathah supenipun. Inggih supe nindaaken syukur saking ni’mat ingkang sampun dipun paringaken. 




Kumpulan Khutbah Bahasa Jawa

Khutbah Jumat Basa Jawa : Istighfar & Syarat-syaratipun Taubat (Bagian Satu)

 

InoaGroup.com - Sidang Jum’at Ingkang Minulya
Raos syukur mangga sesarengan kita aturaken dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, khususipun nikmat Iman Islam. Mangga kita sami ningkataken taqwa dumateng gusti Allah SWT kanthi nglampahi punapa ingkang dipun dawuhaken ugi nebihi awisan-awisanipun. Saha kita sedaya dipun paringi gesang ingkang istiqomah ugi seda kanthi husnul khatimah sampun ngantos pejah kejawi netepi agami Islam.  BACA JUGA : Menghasilkan Uang dari Internet Tidak Bisa Cepat? Benarkah, KLIK DISINI
www.inoaGroup.com

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA

"SYARAT-SYARATIPUN TAUBAT"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


Manungsa boten  wonten ingkang sampurna, sedaya nate nglampahi tumindak ingkang awon, pramilo sinten tiyang ingkang sampun terlanjur ngelampahi perkawis ingkang awon utawi maksiyat supados enggal-enggal taubat nyuwun pangapunten ingkang kanthi saestu dateng Allah lajeng dipun sarengi amal sholeh saha nebihi dateng perkawis ingkang awon kolo wau. Dhawuhipun Allah wonten al-Qur’an ingkang Artosipun : “Sing sopo wonge ngelakoni olo utawi nganiyoyo tumrap awake dewe nuli podo nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, mongko bakal nemu dzat kang akeh pengapuro lan welase”. BACA JUGA : Kisah Unik Seorang Pelajar  Hasilkan 25 Juta Per Bulan Dari Internet
   




   



Sidang Jum’at Ingkang Minulya
Kita sedaya minangka kawulanipun Allah SWT,  kedah mangertosi bilih sedaya anak turunipun Nabi Adam AS tansah dipunkepung kathah sanget godaan, pinten-pinten mungsuh ingkang arupi syaiton, jin ugi manungso. Ingkang sedaya kolo wau saged nipu dadosaken sae dateng barang ingkang awon ugi ngawonaken barang ingkang sae.  Ing mongko piyambakipun sareng-sareng kaliyan nafsunipun menungso ingkang selalu ngajak dateng perkawis awon. Ananging Gusti Allah paring senjata kagem ngelawan ugi merangi sedaya mungsuh kalawau, inggih punika taubat dumateng Allah SWT kanthi sarono nyuwun pitulunganipun Allah SWT. Kados pangendikanipun Allah SWT wonten al-Qur’an ingkang artosipun: “Podho gondelano siro kabeh marang tali agamane Allah, sak estunipun Allah SWT iku bendoro siro kabeh, mongko sak bagus-baguse bendoro iku Allah lan sak bagus-baguse dzat kang nulungi iku Allah SWT”.  (ARTIKEL INI BERSAMBUNG, KLIK DISINI UNTUK MEMBACA LANJUTANNYA)

KAMI BERBAGI KARENA KAMI PEDULI, SHARE ARTIKEL INI JIKA MENURUT ANDA BISA BERMANFAAT BAGI ORANG LAIN, KLIK TOMBOL SHARE DI BAWAH INI



Khutbah Bahasa Jawa : Syarat-syaratipun Taubat (part 2)

 

InoaGroup.com - ARTIKEL INI ADALAH LANJUTAN, UNTUK MEMBACA ARTIKEL SEBELUMNYA SILAHKAN KLIK DISINI
Sidang Jum’at Ingkang Minulya
Dosa punika wonten ingkang alit lan wonten dosa ingkang ageng, anamung kedah dipunmangertosi bilih pangapuraning Allah punika langkung ageng sanget. Panci taubat ingkang saestunipun punika saged ngelebur dateng amal awon ingkang sampun terlanjur dipun lampahi. Kados pangendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad  SAW, artosipun: “Wong kang taubat iku koyo dene wong kang ora ono dosane (ora duweni dosa)”. Alhasil manawi wonten tiyang nyono bilih dosa punika mboten saged dipun ngapuro dening Allah SWT, tiyang ingkang mekaten punika berartos kagolong tiyang ingkang putus asa saking rahmatipun Allah, ing mongko putus asa punika kagolong dosa ingkang ageng. Kanjeng Nabi SAW dawuh ingkang artosipun: “Ojo podo putus asa siro kabeh saking rohmatipun Allah SWT”.  BACA JUGA : Menghasilkan Uang dari Internet Tidak Bisa Cepat? Benarkah, KLIK DISINI
www.inoaGroup.com

KHOTBAH JUMAT BASA JAWA

"SYARAT-SYARATIPUN TAUBAT"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


Ananging sedaya kala wau boten ateges saged nggegampangaken dateng pengapurane Gusti Allah, lanjeng taksih tetep nindakaken maksiyattaubat inggih punika mareni agawe maksiyat tumuju ta’at dumateng Gusti Allah. Boten namung dipunucapaken wonten ing lisan kemawon anamung kedah dipun buktikaken kanthi tindak tanduk ugi sedaya lampah ingkang sae. Syarat-syaratipun taubat inggih punika Niat nebihi maksiyat, anggetuni dateng dosa ingkang sampun dipunpampahi, kagungan seja boten mangsuli malih, menawi dosa berhubungan kaliyan hak-hakipun sesami manungsa langkung rumiyin nyuwun pangapunten menawi bandha kedah nyuwun halalipun utawi nggantos bandha kala wau, saklajengipun merubah tindak lampahipunBACA JUGA : Kisah Unik Seorang Pelajar  Hasilkan 25 Juta Per Bulan Dari Internet
   




   



Sidang Jum’at Ingkang Minulya
Sedaya taubat punapa kemawon saged dipun taubati, Allah saged paring pangapuran kejawi dosa Syirik utawi nyekutukakten Gusti Allah. Pramila  sumangga enggal-enggal kita ngelampahi taubat mumpung dereng dumugi ajalipun utawi seda. Sebab ajal boten ngertos kapan dumuginipun boten saged dipun semayani. Kados dhawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an ingkang artosipun: “Nalikaning ajal utawi pati para manungsa iku wus teko, mangka para manungsa iku mau ora bisa jaluk wektu di akhirake utawi di dhisiake”. Sepindah malih mumpung lawang taubat taksih dipun bikak, enggal-enggal kita ngelampahi taubat. Jalaran manawi sampun dipun tutup, badhe taubat ingkang kados pundi, tetep mboten saged dipuntampi kaliyan Allah SWT. Dene bates utawi tutup ipun lawang taubat inggih punika kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang artosipun: “Saktemene Gusti Allah iku bakal nerimo taubat kawulane selagine nyawane durung  ono gorokan KAMI BERBAGI KARENA KAMI PEDULI, SHARE ARTIKEL INI JIKA MENURUT ANDA BISA BERMANFAAT BAGI ORANG LAIN, KLIK TOMBOL SHARE DI BAWAH INI



Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Peringatan Isra' Mikraj 2016

 

InoaGroup.com -
Hadirin jama’ah jum’ah dipunmulyaaken Allah
Wonten kitab al-barzanji ingkang asring kita waos dipun ngendikaaken bilih gangsal tahun sakderengipun hijriyyah sekitar tanggal 27 Rojab Rasulullah SAW dipun isra’aken dening Allah SWT kanthi ruh lan jasadipun wonten keadaan sadar, netep milai Masjidil Haram (Makkah) dumugi Masjidil Aqsha, saklajengipun Rasulullah SAW dipun mi’rajaken dening Allah SAW minggah wonten ing nginggilipun langit sapitu.

Hadirin jama’ah jum’ah dipunmulyaaken Allah
Monggo sesarengan kita tingkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi saestu kita nindaaken punopo ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal kalehan “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing ndunyo punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngersonipun Allah SWT. Mugi kita tansah saged nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin.
  BACA JUGA : Menghasilkan Uang dari Internet Tidak Bisa Cepat? Benarkah, KLIK DISINI
www.inoaGroup.com

Khutbah Jumat Bahasa Jasa

"Mengeti Isra' Mikraj"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


Wonten ing langit setunggal (langit ndunyo), Rasulullah SAW kepanggih Nabi Adam AS, nomer kaleh kepanggeh dumateng Nabi Isa AS, ugi kepanggih Nabi Yahya. Lajeng ing langit nomer tigo, Rasulullah kepanggih Nabi Yusuf AS. Wonten ing langit nomer sekawan Nabi kepanggih dumateng Nabi Idris AS. Wonten ing langit kaping gangsal, Nabi Muhamad SAW kepanggeh Nabi Harun AS. Saklajengipun wonten langit nomor enem kepanggih Nabi Musa AS, wonten ing langit nomor pitu, Nabi kepanggih Nabi Ibrahim AS.

Lajeng Rasulullah SAW minggah dugi sidrotil muntaha utawi sajarotil muntaha ingkang lajeng minggah maleh dugi mustawa (panggenanipun seratan sedoyo perkawis ingkang bade dipun tetepaken Allah SWT) lajeng minggah dumugi Arsy (Nabi Muhamad SAW tetemu, munajat lan mukasyafah dumateng Allah SWT).

Hadirin Jama’ah Jum’ah Dipunmulyaaken Allah.
Wonten ing keterangan saklajengipun bilih Rasulullah SAW nampi setunggalipun perintah inggih punika sholat gangsal wekdal ingkang fadhilahipun sami kalean sholatipun umat lentunipun ingkang nglampahaken sholat 50 wekdal setiap dintenipun. Punikalah keutamaan ingkang dipun paringaken Allah SWT dumateng kita minongko umatipun Nabi Muhamad SAW. Lajeng saksampunipun punika dipun ngendikaaken:
Setuhune Rasulullah SAW mersani poro malaikat ingkang sami ngibadah kanthi macem-macem bentu’ipun kanthi benten antawis setunggal kelompok dumateng kelompok sanesipun. Wonten ingkang sami jumeneng sak lawase, wonten ingkang ruku’ sak lawase, wonten ingkang sujud sak lawase, wonten ingkang maos tasbih sak lawase, lan wonten ingkang maos takbir sak lawase. 

Ugi macem-macem tingkahipun, kanthi dzikir-dzikir ingkang dipun waos. Saksampunipun punika lajeng Rasulullah bronto dumateng tingkah kala wau lan nyuwun dumateng Allah supados kerso maringaken amalan punika kagem kiyamba’ipun ugi kagem umatipun. Lajeng Allah SWT mucal Rasulullah SAW bentuk lan coronipun nglampahaken sholat punika lan maringaken amalan punika dumateng Rasulullah SAW ugi kita sedoyo kanthi dipun tambahi amalan waosan Al-Qur’an ingkang khusus dipun paringaken dumateng kita ing saklebetipun Sholat supados ngetingalaken keutamaanipun tiyang ingkang shalat ngluwihi keutamaanipun poro malaikat kala wau. Kanthi punika monggo kita jagi amalan ingkang sampun dipun paringaken dening Allah SWT dumateng kita sedoyo punika, ampun dipun lerwa’aken Jajanipun Rasulullah SAW naliko nglampahaken perjalanan Isra’ Mi’roj. Mangertoso bilih sholat punika kados dene walimah (Pesta) ingkang dipun damel dening rojo. Ingkang dipun cawisaken kanthi macem-macemipun dedaharan lan unju’an ingkang sedoyo lezat lan kathah manfaatipun ugi ndadosaken kemeceripun menungso supados saged ngeraosaken panganan kala wau. Semanten ugi sholat punika minongko pesta ingkang dipun sediya’aken dening Allah SWT dumateng kita ingkang sampun dipun cawisaken macem-macemipun tingkah, lan dzikir ingkang benten-benten supados kita saged ngeraosaken lezatipun sholat punika. Sebab dipun ngendika’aken sakeng Kanjeng Nabi Muhamad SAW bilih menawi wonten setunggalipun kawulo ingkang sholat kalih roka’at kanthi madep dumateng Allah kelawan atine, mongko wong iku bakal metu soko dosane koyo dene lahire bayi sakeng guwo garba ibune. BACA JUGA : Kisah Unik Seorang Pelajar  Hasilkan 25 Juta Per Bulan Dari Internet
   




   






Tingkah-tingkah sholat kadosto ruku’, sujud lan sak piturute punika kados dene dedaharan kita lan dzikir-dzikir sholat kados dene takbir, tahmid, tasbih lan sak piturute punika minongko unju’an-unju’an ingkang cumawis ingkang sedoyo saged mbeto manfaat menawi kita purun saestu ngraosaken panganan lan unju’an kala wau. Mugi kita saged ngginaaken kesempatan wulan rojab punika kanthi tansah bagusaken sholat kita lan akhiripun mugi sholat kita dipun tampi wonten ngarsanipun Allah SWT dingapunten sedoyo kekirang saenipun sholat punika ugi diridloni sedoyo amal–amal kita sanesipun. Amin.

KAMI BERBAGI KARENA KAMI PEDULI, SHARE ARTIKEL INI JIKA MENURUT ANDA BISA BERMANFAAT BAGI ORANG LAIN, KLIK TOMBOL SHARE DI BAWAH INI



Back to top