Kautaman Ibadah wonten ing Wulan Ramadhan

 

Sedaya puji syukur dumateng Allah, ingkang tansah paring mapinten-pinten kanikmatan, saha sholawat mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW., kawula wasiat dumateng panjenengan sedoyo, khususipun pribadi kawula piyambak, monggo samiyo nambahi takwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken. DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI

Kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa 2015

Kautaman Ibadah wonten ing 

Wulan Ramadhan

Oleh : Solichin Soliriza 

Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.

Sapunika kita wonten ing saklebetipun wulan Ramadhan, wulan ingkang agung, wulan ingkang kebak berkahipun Allah. Wonten wulan punika Allah nurunaken al-Qur’an, kitab panutan kita umat Islam, kitab ingkang isi pitedah-pitedah ingkang sae tumra mukmin. Ugi ing dalem wulan punika wonten dalu ingkang langkung sahe ketimbang sewu wulan, dalu punika dipun wastani lailatul Qodar.
Allah majibaken dumateng kita sedoyo siyam ing dalem wulan Ramadhan punika minongko ad-Dzikr / pepiling tumraping menungso ingkang panci kathah supenipun. Inggih supe nindaaken syukur saking ni’mat ingkang sampun dipun paringaken. 




Kumpulan Khutbah Bahasa Jawa
Kautaman Ibadah wonten ing Wulan Ramadhan 4.5 5 inoa group Sedaya puji syukur  dumateng Allah,  ingkang tansah paring mapinten-pinten kanikmatan, saha sholawat mugi tansah katetepna dumateng  jun...


No comments:

Post a Comment

Back to top