Tuladha Atur Pasrah Lamaran, Contoh Sambutan Acara Lamaran Bahasa Jawa

 

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi. Para alim ingkang satuhu dahat kinabekten, para tokoh masyarakat ingkang kinurmatan sagung sedaya para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
 http://abiahya.blogspot.co.id/2016/08/daftar-buku-terbaru-wajib-baca.html
Kanthi pepayung budi rahayu saha ngonjukaken raos syukur dumateng Allah Ta'ala ingkang sampun paring mapintrn-pinten kanikmatan dhumateng panjenengan sedaya hangluberana dhumateng kula. Sholawat saha salam tansah katetepna dhumateng junjungan kita insan agung Nabiyullah wa Rasulullah Muhammad sholallahu 'alaihiwassalam. 

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni lir sedaya rubeda, dene kula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji  minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. Mustofa Yusuf sekaliyan. Panjenenganipun Bapa Muhamad Sanusi sekaliyan garwa ingkang pantes katuran sagunging sagunging pakurmatan, kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Mustofa Yusuf sekaliyan, ingkang sepisan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumrambah para kulawarga samudayanipun. Jangkep kaping kalih, ing nguni sampun wonten pirembagan, ing antawisipun Bapa Mustofa Yusuf anggadhahi putra kakung kekasihipun Bagus Ari Dian Pamungkas kaliyan Bapa Muhamad Sanusi hanggadhahi kenya siwi sesilih Rara Tri Wahyuningtyas. Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawah sonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe, kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenenganipun Bapa Mustofa Yusuf sekaliyan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan punika, ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara silaking akrami.

Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bapa Muhamad Sanusi sekaliyan kulawarga kanthi pangajab sedya, sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun dadosna sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan. Kasosiking katresnan kalih keluarga punika ing mriko badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud seperangkat alat sholat saha sanes-sanesipun, ing pangajab minangka agemanipun calon penganten putri. Boten kilap ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun sekulawarga netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kepanggiha anut satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. 
 http://abiahya.blogspot.co.id/2016/08/daftar-buku-terbaru-wajib-baca.html
Minangka pungkasaning atur hambok bilih Bapa Mustofa Yusuf sekaliyan garwa anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Mustofa Yusuf sekaliyan menawi wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krami, kula nyuwun sihing samodra pangaksami. Akhirulkalam wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.

Baca juga Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa Lainnya, Klik Disini

Tuladha Atur Pasrah Lamaran, Contoh Sambutan Acara Lamaran Bahasa Jawa 4.5 5 inoa group Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti ...


No comments:

Post a Comment

Back to top