Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa MC Pengajian (part II)

 

InoaGroup.com - Salah satu hal yang harus dipersiapkan adalah teks pembawa acara, meskipun bagi sebagian orang sudah hafal di luar kepala, namun ada baiknya tetap mempersiapkan teks sebelum acara dimulai akan menambah kematangan persiapan. Pembawa Acara menjadi sorotan pertama para undangan, sehingga penampilan pembawa acara  juga sangat penting diperhatikan demi lancarnya acara yang sedang dilaksanakan.  ARTIKEL INI ADALAH LANJUTAN DARI ARTIKEL SEBELUMNYA, UNTUK MEMBACA SIALHKAN KLIK DISINI 
www.inoaGroup.com

Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa

"MC Pengajian Basa Jawa"

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan Muslimatan Desa Pancuranmas nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan Muslimatan Desa Pancuranmasing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten : 
1. Adicara angka sepisan Pambuka
2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur'an, ingkang samangke badhe kasarirani dening Ibu Siti Chadijah
3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani Ibu Hajah Budiasri
4. Wondene adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatosing pepanggihan dinten punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom Bapa Kyai Bunyamin 
5. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun nggih panutup.
wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Muslimatan Desa Pancuranmas ing dinten punika.
Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam punika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dinten punika tumunten kawiwitan. 



Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do'a kanti waosan ummul kitab. Kawula dherekaken sumangga. Al fatiihah

Matur nuwun.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening Ibu Siti Chadijah, anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng Ibu Siti wekdal kasumanggaaken.

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng panjenenganipun ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng Ibu Hj. Budiasri wekdal kasumanggaaken.

Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka umsari lan wigatosing pepanggihan dinten punika. ingkang punika, dhumateng almukarrom bapa Kyai Bunyamin, kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah. Anamung saderengipun kula ingkang piniji dherekaken lampahing adicara, temtunipun pinanggih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami, kawula akhiri

wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Dhumateng almukarrom Bapa Kyai Bunyamin wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga. 
KLIK DISINI



Demikian artikel tentang Pembawa Acara Bahasa Jawa, untuk melihat contoh lainnya, SILAHKAN KLIK DISINI
BAGIIN JUGA KE TEMEN2 KAMU YG LAIN YA, BERBAGI ITU INDAH DAN ASYIK LHO, SHARE AJA BIAR YANG LAIN IKUT COBA JAWAB, KLIK TOMBOL SHARE DI BAWAH INI




Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa MC Pengajian (part II) 4.5 5 inoa group InoaGroup.com -   Salah satu hal yang harus dipersiapkan adalah teks pembawa acara, meskipun bagi sebagian orang sudah hafal di luar ...


No comments:

Post a Comment

Back to top