Khutbah Jumat Bahasa Jawa : "Taubat Sakderengipun Ajal"

 

InoaGroup.com - Alhamdulillah, wonten kesempatan ingkang agung punika kawula saged paring satunggaling tulisan ingkang temtunipun taksih tebih saking kasampurnan, anamung kawula depe-depe pangayomanipun Gusti mugiyo tulisan ingkang boten sampurna punika saged dipun paringin manfaat. Monggo dumateng sedaya ingkang betahakan langkung-langkung para khatib ingkang ngersakaken materi khutbah Jumat, mugiyo saged ambiyantu.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
www.inoaGroup.com

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Taubat Sakderengipun Ajal"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.htmlHadirin sidang jum’at ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Kita Mukmin minangka kawulanipun Allah SWT,  kathah sanget goda lan coba wonten dalem agesang, syaithan, jin lan manungsa tansah sareng-sareng nafsu ngajak perkawis awon. Anamung Allah paring senjata kagem merangi goda lan coba punika, nun nggih ingkang asma Taubat.
Pangendikanipun Allah SWT wonten al-Qur’an:
وَاعْتَصِمُوْا بِالله هُوَ مَوْلاَكُمْ فَنِعْمَ اْلمَوْلىَ وَنِعْمَ النَّصِيْرُ
Ingkang artosipun: “ Podho gondelano siro kabeh marang tali agamane Allah, sak estunipun Allah SWT iku bendoro siro kabeh, mongko sak bagus-baguse bendoro iku Allah lan sak bagus-baguse dzat kang nulungi iku Allah SWT”.
Pramilo sinten kemawon tiyang ingkang ngelampahi perkawis ingkang awon utawi maksiyat supados engal-enggal taubat marang Gusti Allah lan nyuwun pengapunten dateng Allah lajeng dipun sarengi kaliyan amal ingkang sahe soho nebihi dateng perkawis ingkang awon kolo wau. Keranten sedoyo perkawis ingkang sahe puniko saged ngelebur perkawis ingkang awon utawi maksiyat. Kados dawuhipun Allah wonten al-Qur’an :
وَمَنْ يَعْمَلْ سُوْأً أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللهَ يَجِدِ اللهَ غَفُوْرًا رَحِيْماً
Artosipun kirang langkung: “ Sing sopo wonge ngelakoni olo utawi nganiyoyo tumrap awake dewe nuli podo nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, mongko bakal nemu dzat kang akeh pengapuro lan welase”.
BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
   




   Hadirin sidang jum’at ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Pancen taubat ingkang saestunipun puniko saged ngelebur dateng amal awon ingkang dipun lampahi. Kados pangendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad  SAW:
Artosipun: “Wong kang taubat iku koyo dene wong kang ora ono dosane (ora duweni doso)”.



Kanjeng Nabi SAW dawuh:
لاَ تَيْئَسُوا مِنْ رَوْحِ اللهِ

Artosipun: “Ojo podo putus asa siro kabeh saking rohmatipun Allah SWT”.
Ananging sedoyo kolo wau mboten ateges gegampang dateng pengapurane Gusti Allah, selajeng tansah nindaaken maksiyat lan duroko dateng Allah SWT puniko boten. Balik monggo poro kaum muslimin sedoyo sami mangertosi bilih ingkang nami taubat inggih puniko mareni agawe maksiyat tumuju toat marang Gusti Allah. Boten namung dipun dipun ucapaken wonten ing lisan kemawon.
Lan taubat puniko ugi wonten syarat-syaratipun, Niyat nebihi maksiat, nggetuni dosa, kagungan sejo mboten mangsuli, nyuwun ngapunten dateng tiyang sanes umpami dosa punika wonten hubunganipun kaliyan tiyang sanes.

http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html
Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Satunggaling dosa ingkang boten dipunampuni nggih punika musyrik utawi nyekutoaken Allah, sanesipun saged dipun taubati. Milo sumonggo engal-enggal kito ngelampahi taubat mumpung dereng dumugi ajal. Sebab ajal kito sedoyo puniko boten ngertos kapan dumuginipun. Lan manawi sampun dumugi puniko boten saged dipun semayani. Kados dawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an:
إِذاَ جاَءَ أَجَلُهُمْ فَلاَ يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَلاَ يَسْتَقْدِمُوْنَ
Artosipun: “ Nalikone ajal utawi pati poro manungso iku wus teko, mongko poro menungso iku mau ora biso jakuk wektu di akhirake utawi di dhisiake.
Pramilo monggo, sepindah malih mumpung taksih dipun paringi kesempatan enggal-enggal taubat, sakderengipun lawang taubat dipun tutup kanthi dumuginipun ajal. BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016




Baca Juga Artikel Lainnya :

Khutbah Jumat Bahasa Jawa : "Taubat Sakderengipun Ajal" 4.5 5 inoa group InoaGroup.com - Alhamdulillah, wonten kesempatan ingkang agung punika kawula saged paring satunggaling tulisan ingkang temtunipun taksi...


No comments:

Post a Comment

Back to top