Khutbah Jumat Jawa : Islam Paring Kamulyan Dumateng Wanita

 

Jama’ah shalat Jum’at ingkang minulya,

Kaum muslimin para hamba Allah ingkang dirahmati Allah, Wonten ing dalem wekdal ingkang sampun modern punika, pangandikan-pangandikan bab wanita sampun kathah sanget, kaum intelektual saha kaum awam tansah dadosaken tema babagan wanita minangka tema ingkang boten rampung-rampung kita bahas.

Punapa sabab musababipun, kita sedaya sampun mafhum bilih wanita ingkang kita mangertosi anggadhahi kelemahlembutan ingkang saestu-estu ananging sampun tinulis wonten ing sejarah, bilih kathah para wanita ingkang saged paring pengaruh kagem pembangunan peradaban alam kadonyan, anamung ugi saged paring pengaruh kagem kehancuran kados ingkang sampun kita mangertosi sedaya.dapatkan kumpulan DP BBM TERBARU, klik disini
www.inoaGroup.com Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Khutbah Bahasa Jawa

"Islam Paring Kamulyan Dumateng Wanita"

foto : Maswah Riza Anwar

Oleh : Soli InoaGroup.com
Caranipun mangertosi prayoginipun posisi kaum wanita ingkang leres, kita kedah purun sinau, maos sejarah pripun posisi kaum wanita ingkang wonten ing zaman rikala sakderengipun tumurun Islam. Sakderengipun Islam tumurun, sejarah sampun nulis bilih kondisinipun kaum wanita sanget dadosaken prihatin. Benten-benten sanget suku-suku dalah bangsa maringi posisi kagem kaum wanita, wonten salah satunggaling bangsa ingkang dadosaken wanita penguasa utawi ratu ingkang kekuasaanipun sanget wiyar.

Ugi wonten suku utawi bangsa ingkang dadosaken wanita punika boten sanes namung aib, satunggaling suku punika gadhah raos isin umpami gadhahi putri estri. Langkung-langkung keluarga ingkang dipun anggap bangsawan rikala semanten, kathah ingkang ngubur larenipun menawi dimangertosi lahir estri.
Allah ugi paring firman :
Lan nalikane wong wadon kang dipendhem urip - urip padha didangu. Dosa apa anggone padha dipateni mau.” (At-Takwir: 8-9).

Mekaten punika kondisinipun wanita wonten ing zaman jahiliyah; kados barang ingkang boten woten artosipun ing dalem keluarga ugi masyarakat, dados budak kaum pria. Dinten lahiripun dados dinten ingkang sedaya soma sedih, kuciwo lan bayi ingkang lahir punika dipun kubur dening bapa kandungipun piyambak. Mekaten punika amargi akal ingkang tebih saking nur wahyu Illahi. Punika gambaran para umat ingkang dipun didik dening berhala-berhala dalah para tukang sihir.

Kita kedah mahami bilih kejahiliyahan estu-estu sampun ngrusak peradaban khususipun bangsa Arab rikala semanten sampun tebih terperosok wonten ing jurang peradaban ingkang rusak, sahingga akhiripun tumurun fajar Islam paring cahya terang kagem sedaya umat ing alam donya. Allah paring firman :
“Dan para laki-laki beriman dan wanita yang beriman itu adalah wali (penolong) antara sebagian mereka kepada sebagaian yang lain.” (At-Taubah: 17)

saklajengipun Allah paring firman :
“Dan para wanita itu mempunyai hak dan keseimbangan dengan kewajiban mereka secara ma’ruf.” (Al-Baqarah: 228).

Mila mekaten Islam sampun maringi pitedah dasar-dasar dalah pondasi ingkang sanget kuat kagem paring bimbingan pribadi para wanita kanthi pedoman fitrah ingkang sampun prayogi. Islam ugi paring penghargaan dumateng para wanita, Islam paring penghargaan ingkang inggil langkung-langkung dumateng para Ibu ingkang kita kedah langkung paring kurmat tinimbang kurmatipun kita dumateng bapa kita.






Salah satunggaling hadits, tinulis makaten :
Seorang pria bertanya: “Wahai Rasulullah! Kepada siapakah aku berbakti?” Beliau menjawab: ”Ibumu” Ia bertanya lagi: “lalu kepada siapa?” beliau menjawab: “Ibumu.” kemudian ia bertanya lagi: “lalu kepada siapa ? beliau menjawab: “Ibumu” kemudian ia bertanya lagi “lalu kepada siapa ?” barulah beliau berkata: “ayahmu.” (HR. Al-Bukhari dan Muslim)

Mila punika, monggo sareng-sareng kita nglaksanaken dhawuhipun Rasulullah SAW, kita kedah paring hurmat dhumateng para wanita, amargi wanita inggih saestu makhlukipun Allah ingkang mulya.


Baca Juga Artikel Lainnya :

Khutbah Jumat Jawa : Islam Paring Kamulyan Dumateng Wanita 4.5 5 inoa group Jama’ah shalat Jum’at ingkang minulya, Kaum muslimin para hamba Allah ingkang dirahmati Allah, Wonten ing dalem wekdal ingkang sampu...


No comments:

Post a Comment

Back to top