Hadirin sidang jum’at rahimakumullah.
Raos syukur dumateng Alloh, soho sholawat konjuk dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW., kulo wasiat dumateng panjenengan sedoyo, khususipun pribadi kulo piyambak, monggo samiyo nambahi takwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken. DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI
Titi wanci punika wonten sak
lebetipun wulan agung, ramadhan, kebak berkahipun Allah. Wonten wulan meniko
Allah nurunaken al-Qur’an, kitab ingkang dados pedoman kito umat Islam, kitab ingkang isi pitedah-pitedah sae. Ugi ing dalem
wulan meniko wonten dalu ingkang langkung sahe ketimbang sewu wulan, dalu
meniko dipun wastani lailatul Qodar.
Hadirin sidang jum’at rahimakumullah.
Sangking arah meniko kito
kedah kados pundi sak sampunipun mangertos fadlilah lan agungipun wulan
romadlon? Mboten wonten sanes monggo kito inggahake kito tambahi ibadah amal
sholih kitho ingkang kange simpenan benjang bikaipun wonten ing akherot. Kito katah-katahaken
istighfar lan deres al-Qur’an kanti eling-eling sak maknane soho sholawatipun,
kito sudo anggenipun nyambut damel utawi ngulari bondo, sebab manawi badan kito
kesel utawi sayah meniko saged ngelaleaken dateng nindaaken kewajiban-kewajiban
wonten ing wulan meniko.
Kito kedah saget bagi
wekdalipun ingkang supados hasil sedoyonipun.
أَيُّهَا ْالمُسْلِمُوْنَ ! عَلَيْكُمْ بِتِلاَوَةِ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ
فىِ هَذَا الشَّهْرِ اْلعَظِيْمِ اِقْتِدَاءً بِنَبِيِّكُمْ صَلَّى الله عَلَيْهِ
وَسَلَّمَ فَقَدْ كاَنَ يَلْقَاهُ جِبْرِيْلُ فَيُدَارِسُهُ ْالقُرْآنَ فِى شَهْرِ
رَمَضَانَ وَكَانَ السَّلَفُ الصَّالِِح يُكْثِرُوْنَ مِنْ تِلاَوَةِ اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْمِ.
Hadirin sidang jum’at rahimakumullah.
Monggo wonten ing wulan meniko
kito supados gatah-ngatahaken mahos al_Qur’an al_karim derek tindak lampahipun
kanjeng Nabi Muhammad SAW. Keranten wonten ing wulan meniko kanjeng nabi dipun
panggihi deneng malaikat Jibril AS lajeng tadarrus al-Qur’an. Lan malih poro
ulama kito sami ngatah-ngatahaken mahos al-Qur’an wonten ing wulan meniko.
Keranten gusti Allah sampun maringi keistimewaan ing wulan romadlon arupi
temurunipun al_Qur’an. Kados dawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an;
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِى اُنْزِلَ فِيْهِ اْلقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ
وَبَيِّناَتٍ مِّنَ اْلهُدَى وَالْفُرْقاَنِ.
Ingkang artosipun: “ Kang
ono ing sak jerone wulan Romadlon al-Qur’an diturunake kangge nuduhake marang
menungso lan dadi tondo terang saking pituduhe Allah SWT lan kangge bedaaken
antarane barang kang haq lan kang bathil”.
وَقَدْ صَحَّ عَنْ رَسُوْلِ الله صَلىَّ الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَنَّهُ
قَالَ: مَنْ قَرَأَ حَرْفاً مِنْ كِتَابِ الله فَلَهُ عَشْرُ حَسَناَتٍ
Artosipun; “ Sopo
wonge moco sak huruf sangking kitab al-Qur’an mongko kanggu wong iku sepuluh
kabagusan”.
Hadirin sidang jum’at rahimakumullah.
Kejawi kito supados
ngatah-ngatahaken mahos al_qur’an lajeng kito supados saged ngerekso / nyejani
dateng siyam kito meniko sangking perkawis-perkawis ingkang saged ngerusak
dateng sah ipun siyam, inggih meniko amal awon, kados ngerasani tiyang sanes,
adu-adu lan sak panunggalanipun. Keranten engkang nami siyam meniko boten
namung ngempet dahar lan minum kemawon, ananging ugi kedah ngempet sangking
pendamelan mungkar ingkang dipun awisi deneng Allah SWT.
Pramilo monggo wonten wulan
romadlon meniko dipun isi kanthi amal-amal ingkang soleh. Kados tadarrus
al-Qur’an, sholat tarawih berjamaah lan qiyamul lail, soho ngatah-ngatahaken
anggenipun taubat lan istighfar dateng Allah SWT.
Dipun sebataken wonten ing hadis bilih rasulullah SAW ngendiko;
ثَلاَثُ نَفَرٍ تُصَافِحُهُمُ اْلمَلاَئِكَةُ يَوْمَ يُخْرَجُوْنَ مِنْ قُبُوْرِهِمُ الشُّهَدَاءُ وَاْلقَائِمُوْنَ شَهْرَ رَمَضَانَ وَالصَّائِمُوْنَ يَوْمَ عَرَفَةَ .
Artosipun; “ Ono telung golongan kang bakal salaman karo malaikat naliko tangi soko kubur. Deweke yoiku: Poro syuhada’, wong-wong mukmin kang ndiriaken sholat tahajjud ono ing wulan romadlon lan wong-wong kang poso ing dino Arofah”.
Lajeng kados pundi lan sinten tiyang ingkang mboten kepingin waget salaman kaliyan malaikat, makhlukipun Allah ingkang mulyo, lan malaikat meniko pirso nami-nami kito. Lan kanti salaman mentandaaken bilih kito kalebet tiyang ingkang bejo, slamet mangke dumugi suargo. Temtu kemawon meniko dados idam-idamanipun kito sedoyo.
Wonten hadits lintu Rasulullah SAW ngendiko:
مَنْ قاَمَ رَمَضَانَ إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ (متفق عليه)
Artosipun; “ Sopo wonge ngelakoni ibadah ing wulan ramadlan kanthi dasar iman lan kerono murih ganjaran, mongko wong mahu bakal dingapuro dusane kang wis keliwat”.
Akhiripun, monggo kito tansah ngiyataken jiwo rogo, kito jagi kesehatan wonten ing wulan romadon meniko supados kito wagedbibadah sak katah-katahipun. Lan mugi-mugi Allah tansah paring pitedah soho kekiatan, amin, amin, amin…ya robbal ‘alamin.
No comments:
Post a Comment