Khutbah Jum'at Bahasa Jawa, Kewajiban Muslim Pados Ilmu

 

InoaGroup.com - Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah, perlu kita sumerepi bilih punapa setiap khutbah jum’at punika para khatib mesti wasiat supados ningkataken taqwa dumateng kita sedaya, ittaqullaha haqqo tuqotih walaatamuutunna illa waantum muslimuun, ingkang artosipun: taqwao siro kabeh marang Allah kanti saktemen-temene taqwa, lan ojo mati sira kabeh kejaba mati wonten keadaan Islam. Midherek wasiat punika saget kita pendhet kaleh kata kunci, pertama punapa ingkang dipun arani taqwa, lan ingkang nomer kaleh, punapa ingkang dipun arani Islam.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
www.inoaGroup.com

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Lengkap 2016

"Kewajiban Muslim Pados Ilmu"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html
Pertama, taqwa, secara umum taqwa inggih punika wedi marang Allah, maksudepun wedi marang ancamane Allah. Keranten sifat wedi punika tiyang kala wau selalu usaha nglampahi sedaya perkawis ingkang dipun wajibaken Allah lan berusaha nebihi sedaya laranganipun Allah SWT.

Gusti Allah sampun dawuh wonten surat Al-Baqoroh:3, alladziina yukminuuna bilghoibi wayuqiimuunassholata wamimma rozaqnaahum yunfiquun.
Ingkang  artosipun, kang aran taqwa inggih punika tiyang-tiyang ingkang iman marang kang ghoib (tegesipun iman dumateng Allah, Malaikat, dina Akhir, lan qhodlo’qodar), tiyang ingkang sholat, lan nafkahaken sebagian rizki saking Allah dumateng kita, tegesipun aweh shodaqoh.
Walladziinayukminuna bimaaunzila ilaika wamaa unzilaminqoblika wabil Aakhirotihum yuuqinuun. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang iman marang kitab Alquran ingkang sampun diturunaken dumateng kita lan iman dumateng kitab-kitab sakderengipun Alquran. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang yaqin wontene kehidupan akhirot. Punikalah ingkang dipun arani kaleh ittaqulloha haqqo tuqotih(sejatine taqwa). BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
   




   





Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah.ingkang Kaping kaleh, Islam. Kata Islam dipendet saking bahasa Arab salima ingkang artose slamet, sentosa, lan damai. Selajengipun berubah dados kataaslamaingkang arotose berserah diri, tunduk lan patuh. Mongko sebab punika tiyang ingkang berserah diri, taat lan patuh dumateng Allah dipun wastani kalihan tiyang muslim. Saking pengertian punikalah kata Islam parek kaleh kata agama ingkang gadahi arti keyakinan, addiinu allughotil yaqiin (agami secara lughot inggih punika keyakinan. Dadosipun agama punika mung kangge tiyang-tiyang ingkang yaqin mawon, tegesipun tiyang ingkang iman. Lah tanda-tandanipun tiyang ingkang iman utawi yaqin inggeh punika dzikrun katsiir, piambake katah ilinge dumateng Allah. Semakin katah anggenipun eleng dumateng Allah mongko semakin tinggi kualitas iman tiyang kolowau. Keranten sifat selalu eleng dumateng Allah punikalah piambake selalu berusaha semaksimal mungkin anggenipun nglampahi sedaya perintahipun Allah lan ngedohi sedaya laranganepun.
Saking wasiat walaatamuutunnaillaa waantun muslimuun punikalah kita sedaya dipun wanti-wanti, di eman kaleh Allah supados mboten mati wonten ingdalem keadaan mboten Islam. Tegese mboten iman dumateng Allah lan mboten ngelampahi sedaya ingkang sampun disyariataken dining Allah. Sehinggo tiyang punika mati wonten keadaan kafir lan wonten akhirat mboten angsal pitulungane Allah SWT, Naudzu billah min dzalik.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html
Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah. Saking punikalah kita diwajibaken Allah nyuprih ilmu saking bayi dumugi liang lahat, tegese sampek sedo. Terlebih diwajibaken nyuprih ilmu agama, keranten kita gesang niki minongko tiyang ingkang wuto kang perlu teken supados mboten kesasar lan butuh bimbingan saking tiyang ingkang saget dipercoyo supados mboten disasaraken anggenipun mlampah. Ten mriki ilmu agami minongko teken, lan tiyang ingkang saget dipercados omongane inggeh punika dawuhe para Ulama’. Keranten al ulamaa’u warosatul ambiyaa’I (ulama’ punika pewaris para nabi). Dados ilmu punika mboten ten sekolah-sekolahan mawon, nanging ten pundi-pundi panggenan. Sopo wonge ingkang demen kaleh Ulama’ berarti tiyang kolowau demen kaleh Nabi, lan sinten tiyang ingkang demen kaleh nabi, berarti demen kaleh Allah. Mongko Allah bakal paring pitulungan dateng tiyang kolowau supados slamet dunyo lan akhirot. Lan semunu ugo sewalike, sinten tiyang ingkang geting marang Ulama’ berarti tiyang kolowau geting kaleh Nabi, lan sinten tiyang ingkang geting kaleh Nabi berarti tiyang kolowau geting kaleh Allah. Mongko tiyang punika di jaraken Allah wonten kesesatan, lan ten akhirat tiyang punika mboten angsal syafa’atipun kanjeng nabi, tegese mboten angsal pitulungane Allah SWT. Naudzubillahimindzalik..

Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah, saking punika kita sampun mngertosi dununge taqwa, iman lan Islam. Bilih agama punika kangge tiyang ingkang percoyo mawon, tegesipun iman dumateng Allah. Lah pengamalan saking iman punikalah ingkang disebut kalian taqwa, yakni beruaha semaksimal mungkin nglampai sedaya perkawis ingkang diwajibaken Allah lan berusaha ngedohi sedaya perkawis ingkang dipun larang kaleh Allah. Supados kita tergolong tiyang ingkang muslim Sejati, tiyang ingkang slamet kerono angsal pitulungane Allah ndunyo lan akhirat. Amin amin yaarobbal aalamiin.. BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016




Baca Juga Artikel Lainnya :

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa, Kewajiban Muslim Pados Ilmu 4.5 5 inoa group InoaGroup.com -   Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah, perlu kita sumerepi bilih punapa setiap khutbah jum’at punika para khatib mest...


No comments:

Post a Comment

Back to top