Showing posts sorted by relevance for query khutbah. Sort by date Show all posts
Showing posts sorted by relevance for query khutbah. Sort by date Show all posts

Hikmah Maulid Nabi

 

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wonten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW. [baca artikel lain bertema Maulid nabi, KLIK DISINI]

...

JUDUL DISINI

...

KHUTBAH JUMAT MAULID NABI 

(BAHASA JAWA)


Para sederek kaum muslimin, rokhimakumullah.
Tahun Enggal punika kaleres benjing dinten Sabtu, 3 Januari 2015 wulan Robi’ul Awal utawi wulan Maulud, ing ateges kita umat Islam khususipun sami mrengeti wiyosan dalem Kanjeng Nabi Muhammad SAW, tanggal 12 mulud, kanthi mawarni-warni cara, wonten ingkang ngawontenaken pengaosan akbar, wonten ingkang kanthi ngawontenaken tasyakuran sesarengan. Pramila saking punika wonten ing kesempatan punika, sumangga sami ngenget-ngenget dhateng sedaya perjuanganipun Kanjeng Nabi, ingkang intinipun panjenenganipun dipun dipun tunjuk dening Allah minangka Rasul, utusan minangka rahmatan lil ‘alamin lan minangka uswatun khasanah, tuladha ingkang paling sae kangge sedaya para manungsa.[baca artikel lain bertema Maulid nabi, KLIK DISINI] 









dapatkan souvenir murah, berkualitas. hanya disini : www.inoagroup.com, souvenir paling murah&lengkap

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Dene dipun utusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, inggih punika :
Minangka Paring Kabar bebingah
Minangka paring kabar bebingah dhateng sedaya kawulanipun Allah ingkang iman lan taqwa, lan paring kabar peringatan badhe nampi ukuman saha pidananipun Allah sok sintena ingkang nrajang awisanipun Allah. Kados kasebat ing QS Saba’ : 28:
“Lan ingsung ora ngutus marang sira Muhammad, kejaba Sun utus marang sakabehing para manungsa, kanthi tugas minangka tabsyir utawa aweh  kabar bebungah lan tasdzir  utawa aweh peringatan. Nanging akeh-akehe manungsa padha ora ngerti marang tugase Kanjeng Nabi sing mulya iki”.
Minangka Rahmat Welas Asihipun Allah
Minangka rahmat welas asihipun Allah dumateng kita sedaya para mahkluk. Kados kasebat ing QS Al-Anbiya’ :107:
“Lan Ingsun ora ngutus marang sira Muhammad kejaba minangka rahmat welas asih-Ingsun kanggo sakabehing mahkluk ing sakabehing alam”. (QS Al-Anbiya’ :107).

Minangka Nyempurnakaken Akhlak
Salajengingipun tugas Kanjeng Nabi Muhammad SAW inggih punika, minangka satunggaling utusan ingkang kadhawuhaken ndandosi lan nyampurnakaken para manungsa, “Satemene ingsung diutus dening Allah SWT iku mung kanthi tugas supaya nyampurnakake akhlake manungsa”. (Al Hadits).
Mesthi kemawon risalahipun Rasulullah punika boten namung sekedar nyakup tigang warni kadas ingkang sampun kula aturaken ing nginggil, ananging  langkung kathah lan langkung wiyar, nyakup sedaya urusan wiwit urusan ing ndonya ngantos babagan keakhiratan. Sedaya dipun aturaken secara komplit lan sampurna. Sahingga  Kanjeng Nabi Muhammad SAW punika mujudaken satunggalipun priyagung ingkang paripurna, ingkang kedah dipun teladhani lan dipun conto dening sedaya umat manungsa punika, temtu kemawon wonten sebabipun ingkang gumathok, inggih punika saking kasilipun nindakaken misi lan perjuanganipun  minangka rahmat kagem sedaya mahkluk. Panjenenganipun ugi kasil ngangkat derajatipun para manungsa saking panggenan ingkang asor lan nistha dhateng panggesangan ingkang linurup dening budi pekerti ingkang luhur.[baca artikel lain bertema Maulid nabi, KLIK DISINI]




Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Hadits pangandikanipun Rasulullah lan ayat Al-Qur’an ngendikanipun Allah SWT punika jelas sampun kita pahami, makna saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang jumeneng Rasul,  ingkang penting saking anggen kita badhe mrengeti wiyosanipun Njeng Nabi inggih punika kita sampun saged ngamalaken punapa dereng. Liripun yen kita kepingin pikantuk rahmat welas asihipun Allah lan kepingin pikantuk kanugrahan saha kawilujengan ing doya dalah ing akhirat, kita kedah purun nindakaken sedaya ingkang dipun dawuhaken dening Allah saha nilaraken sedaya awisanipun Allah, lewat punapa ingkang sampun dipun aturaken Kanjeng Nabi Muhammad SAW minangsa utusanipun Allah. Sahingga Iman lan taqwa dados harga mati. Ingkang kedah turus kita pertahanaken murih saya ningkat saha mantep.
Sebab kita yakin bilih tujuan kita sami, kita kepingin mulya gesang ing donya lan gesang ing akhirat mbenjang. Nanging kados dene lare sekolah ingkang mbetahaken ujian kangge tandha kelulusanipun, kita ing donya ugi boten badhe uwal saking ujianipun Allah. Mila saking punika, Kanjeng Nabi Muhammad SAW dipun utus dening Allah kangge paring pepadhang dateng sok sintena ingkang nembe nandang pepeteng, lan paring pitedah dhateng sok sintena kemawon ingkang kesasar.[baca artikel lain bertema Maulid nabi, KLIK DISINI]


Para sederek, ngengingi tujuan gesang punika, Allah sampun ngendika wonten ing QS Al-Qashash :77 :
“Lan sira golekana marang apa wae kang wis diparingake Allah marang sira (kang arupi kebahagiaane) kampong akhirat, nanging aja nganti sira nglalekake bageanira saka kadonyan, lan tumindaka becik kaya anggone Allah wis paring kabecikan marang sira”.

Ing ngriki Allah SWT nandesaken malih, bilih anggayuh kebahagiaan kangge salami-laminipun ing kampung akhirat, sampun ngantos ngorbanaken kebahagiaan ing alam donya, makaten kosok wangsulipun. Ananging kita kedah kagungan keyakinan bilih saben-saben amal tumindak ingkang kita tindakaken punika kedah ngasilaken biji akhirat. Wilujeng awit ing donya ngantos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.







RAMADHAN 2014
tags : 
facebook

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa, Kewajiban Muslim Pados Ilmu

 

InoaGroup.com - Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah, perlu kita sumerepi bilih punapa setiap khutbah jum’at punika para khatib mesti wasiat supados ningkataken taqwa dumateng kita sedaya, ittaqullaha haqqo tuqotih walaatamuutunna illa waantum muslimuun, ingkang artosipun: taqwao siro kabeh marang Allah kanti saktemen-temene taqwa, lan ojo mati sira kabeh kejaba mati wonten keadaan Islam. Midherek wasiat punika saget kita pendhet kaleh kata kunci, pertama punapa ingkang dipun arani taqwa, lan ingkang nomer kaleh, punapa ingkang dipun arani Islam.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
www.inoaGroup.com

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Lengkap 2016

"Kewajiban Muslim Pados Ilmu"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html
Pertama, taqwa, secara umum taqwa inggih punika wedi marang Allah, maksudepun wedi marang ancamane Allah. Keranten sifat wedi punika tiyang kala wau selalu usaha nglampahi sedaya perkawis ingkang dipun wajibaken Allah lan berusaha nebihi sedaya laranganipun Allah SWT.

Gusti Allah sampun dawuh wonten surat Al-Baqoroh:3, alladziina yukminuuna bilghoibi wayuqiimuunassholata wamimma rozaqnaahum yunfiquun.
Ingkang  artosipun, kang aran taqwa inggih punika tiyang-tiyang ingkang iman marang kang ghoib (tegesipun iman dumateng Allah, Malaikat, dina Akhir, lan qhodlo’qodar), tiyang ingkang sholat, lan nafkahaken sebagian rizki saking Allah dumateng kita, tegesipun aweh shodaqoh.
Walladziinayukminuna bimaaunzila ilaika wamaa unzilaminqoblika wabil Aakhirotihum yuuqinuun. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang iman marang kitab Alquran ingkang sampun diturunaken dumateng kita lan iman dumateng kitab-kitab sakderengipun Alquran. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang yaqin wontene kehidupan akhirot. Punikalah ingkang dipun arani kaleh ittaqulloha haqqo tuqotih(sejatine taqwa). BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
   




   





Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah.ingkang Kaping kaleh, Islam. Kata Islam dipendet saking bahasa Arab salima ingkang artose slamet, sentosa, lan damai. Selajengipun berubah dados kataaslamaingkang arotose berserah diri, tunduk lan patuh. Mongko sebab punika tiyang ingkang berserah diri, taat lan patuh dumateng Allah dipun wastani kalihan tiyang muslim. Saking pengertian punikalah kata Islam parek kaleh kata agama ingkang gadahi arti keyakinan, addiinu allughotil yaqiin (agami secara lughot inggih punika keyakinan. Dadosipun agama punika mung kangge tiyang-tiyang ingkang yaqin mawon, tegesipun tiyang ingkang iman. Lah tanda-tandanipun tiyang ingkang iman utawi yaqin inggeh punika dzikrun katsiir, piambake katah ilinge dumateng Allah. Semakin katah anggenipun eleng dumateng Allah mongko semakin tinggi kualitas iman tiyang kolowau. Keranten sifat selalu eleng dumateng Allah punikalah piambake selalu berusaha semaksimal mungkin anggenipun nglampahi sedaya perintahipun Allah lan ngedohi sedaya laranganepun.
Saking wasiat walaatamuutunnaillaa waantun muslimuun punikalah kita sedaya dipun wanti-wanti, di eman kaleh Allah supados mboten mati wonten ingdalem keadaan mboten Islam. Tegese mboten iman dumateng Allah lan mboten ngelampahi sedaya ingkang sampun disyariataken dining Allah. Sehinggo tiyang punika mati wonten keadaan kafir lan wonten akhirat mboten angsal pitulungane Allah SWT, Naudzu billah min dzalik.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html
Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah. Saking punikalah kita diwajibaken Allah nyuprih ilmu saking bayi dumugi liang lahat, tegese sampek sedo. Terlebih diwajibaken nyuprih ilmu agama, keranten kita gesang niki minongko tiyang ingkang wuto kang perlu teken supados mboten kesasar lan butuh bimbingan saking tiyang ingkang saget dipercoyo supados mboten disasaraken anggenipun mlampah. Ten mriki ilmu agami minongko teken, lan tiyang ingkang saget dipercados omongane inggeh punika dawuhe para Ulama’. Keranten al ulamaa’u warosatul ambiyaa’I (ulama’ punika pewaris para nabi). Dados ilmu punika mboten ten sekolah-sekolahan mawon, nanging ten pundi-pundi panggenan. Sopo wonge ingkang demen kaleh Ulama’ berarti tiyang kolowau demen kaleh Nabi, lan sinten tiyang ingkang demen kaleh nabi, berarti demen kaleh Allah. Mongko Allah bakal paring pitulungan dateng tiyang kolowau supados slamet dunyo lan akhirot. Lan semunu ugo sewalike, sinten tiyang ingkang geting marang Ulama’ berarti tiyang kolowau geting kaleh Nabi, lan sinten tiyang ingkang geting kaleh Nabi berarti tiyang kolowau geting kaleh Allah. Mongko tiyang punika di jaraken Allah wonten kesesatan, lan ten akhirat tiyang punika mboten angsal syafa’atipun kanjeng nabi, tegese mboten angsal pitulungane Allah SWT. Naudzubillahimindzalik..

Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah, saking punika kita sampun mngertosi dununge taqwa, iman lan Islam. Bilih agama punika kangge tiyang ingkang percoyo mawon, tegesipun iman dumateng Allah. Lah pengamalan saking iman punikalah ingkang disebut kalian taqwa, yakni beruaha semaksimal mungkin nglampai sedaya perkawis ingkang diwajibaken Allah lan berusaha ngedohi sedaya perkawis ingkang dipun larang kaleh Allah. Supados kita tergolong tiyang ingkang muslim Sejati, tiyang ingkang slamet kerono angsal pitulungane Allah ndunyo lan akhirat. Amin amin yaarobbal aalamiin.. BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016




Baca Juga Artikel Lainnya :

Khutbah Jumat Bahasa Jawa : "Taubat Sakderengipun Ajal"

 

InoaGroup.com - Alhamdulillah, wonten kesempatan ingkang agung punika kawula saged paring satunggaling tulisan ingkang temtunipun taksih tebih saking kasampurnan, anamung kawula depe-depe pangayomanipun Gusti mugiyo tulisan ingkang boten sampurna punika saged dipun paringin manfaat. Monggo dumateng sedaya ingkang betahakan langkung-langkung para khatib ingkang ngersakaken materi khutbah Jumat, mugiyo saged ambiyantu.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
www.inoaGroup.com

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Taubat Sakderengipun Ajal"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.htmlHadirin sidang jum’at ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Kita Mukmin minangka kawulanipun Allah SWT,  kathah sanget goda lan coba wonten dalem agesang, syaithan, jin lan manungsa tansah sareng-sareng nafsu ngajak perkawis awon. Anamung Allah paring senjata kagem merangi goda lan coba punika, nun nggih ingkang asma Taubat.
Pangendikanipun Allah SWT wonten al-Qur’an:
وَاعْتَصِمُوْا بِالله هُوَ مَوْلاَكُمْ فَنِعْمَ اْلمَوْلىَ وَنِعْمَ النَّصِيْرُ
Ingkang artosipun: “ Podho gondelano siro kabeh marang tali agamane Allah, sak estunipun Allah SWT iku bendoro siro kabeh, mongko sak bagus-baguse bendoro iku Allah lan sak bagus-baguse dzat kang nulungi iku Allah SWT”.
Pramilo sinten kemawon tiyang ingkang ngelampahi perkawis ingkang awon utawi maksiyat supados engal-enggal taubat marang Gusti Allah lan nyuwun pengapunten dateng Allah lajeng dipun sarengi kaliyan amal ingkang sahe soho nebihi dateng perkawis ingkang awon kolo wau. Keranten sedoyo perkawis ingkang sahe puniko saged ngelebur perkawis ingkang awon utawi maksiyat. Kados dawuhipun Allah wonten al-Qur’an :
وَمَنْ يَعْمَلْ سُوْأً أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللهَ يَجِدِ اللهَ غَفُوْرًا رَحِيْماً
Artosipun kirang langkung: “ Sing sopo wonge ngelakoni olo utawi nganiyoyo tumrap awake dewe nuli podo nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, mongko bakal nemu dzat kang akeh pengapuro lan welase”.
BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
   




   Hadirin sidang jum’at ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Pancen taubat ingkang saestunipun puniko saged ngelebur dateng amal awon ingkang dipun lampahi. Kados pangendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad  SAW:
Artosipun: “Wong kang taubat iku koyo dene wong kang ora ono dosane (ora duweni doso)”.



Kanjeng Nabi SAW dawuh:
لاَ تَيْئَسُوا مِنْ رَوْحِ اللهِ

Artosipun: “Ojo podo putus asa siro kabeh saking rohmatipun Allah SWT”.
Ananging sedoyo kolo wau mboten ateges gegampang dateng pengapurane Gusti Allah, selajeng tansah nindaaken maksiyat lan duroko dateng Allah SWT puniko boten. Balik monggo poro kaum muslimin sedoyo sami mangertosi bilih ingkang nami taubat inggih puniko mareni agawe maksiyat tumuju toat marang Gusti Allah. Boten namung dipun dipun ucapaken wonten ing lisan kemawon.
Lan taubat puniko ugi wonten syarat-syaratipun, Niyat nebihi maksiat, nggetuni dosa, kagungan sejo mboten mangsuli, nyuwun ngapunten dateng tiyang sanes umpami dosa punika wonten hubunganipun kaliyan tiyang sanes.

http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html
Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Satunggaling dosa ingkang boten dipunampuni nggih punika musyrik utawi nyekutoaken Allah, sanesipun saged dipun taubati. Milo sumonggo engal-enggal kito ngelampahi taubat mumpung dereng dumugi ajal. Sebab ajal kito sedoyo puniko boten ngertos kapan dumuginipun. Lan manawi sampun dumugi puniko boten saged dipun semayani. Kados dawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an:
إِذاَ جاَءَ أَجَلُهُمْ فَلاَ يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَلاَ يَسْتَقْدِمُوْنَ
Artosipun: “ Nalikone ajal utawi pati poro manungso iku wus teko, mongko poro menungso iku mau ora biso jakuk wektu di akhirake utawi di dhisiake.
Pramilo monggo, sepindah malih mumpung taksih dipun paringi kesempatan enggal-enggal taubat, sakderengipun lawang taubat dipun tutup kanthi dumuginipun ajal. BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016




Baca Juga Artikel Lainnya :

Khutbah Bahasa Jawa Terbaik 2016, tema Gerhana Matahari Total

 

InoaGroup.com - 9 Maret 2016 dados dinten ingkang istimewa kagem kita sedaya langkung-langkung kaum Muslim, Allah Ta’ala paring kanikmatan dumateng kita saged nyekseni sesarengan keagunganipun Allah arupi Gerhana Matahari Total.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
www.inoaGroup.com

Khutbah Bahasa Jawa 2016

"Gerhana Matahari Total, 9 Maret 2016"

  Oleh : Soli InoaGroup.com




Salah satunggaling bukti keagunganipun Allah Ta’ala ingkang dipun utarakaken para cendekiawan para ilmuwan sejagad bilih fenomena alam punika boten mungkin saged dipun tiru, dipun tunda, punapa malih dipun batalaken dening sedaya makhluk wonten alam donya punika. Kagem Umat Muslim dipun sunahaken sholat  gerhana, wonten tulisan punika kawula aturaken salah satunggaling conto khutbah mawi tema “Gerhana Matahari Total 2016”, mugi paring manfaat, Amin.

BACA SELENGKAPNYA : KHUTBAH BAHASA JAWA TEMA GERHANA MATAHARI TOTAL 2016, KLIK DISINI 

 




   


http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html




SEBELUMNYA :
Khutbah Jum'at Bahasa Jawa
Lengkap 2016, Klik Disini




Baca Juga Artikel Lainnya :

Back to top