Showing posts sorted by relevance for query Bahasa Jawa. Sort by date Show all posts
Showing posts sorted by relevance for query Bahasa Jawa. Sort by date Show all posts

Hikmah Maulid Nabi

 

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wonten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW. [baca artikel lain bertema Maulid nabi, KLIK DISINI]

...

JUDUL DISINI

...

KHUTBAH JUMAT MAULID NABI 

(BAHASA JAWA)


Para sederek kaum muslimin, rokhimakumullah.
Tahun Enggal punika kaleres benjing dinten Sabtu, 3 Januari 2015 wulan Robi’ul Awal utawi wulan Maulud, ing ateges kita umat Islam khususipun sami mrengeti wiyosan dalem Kanjeng Nabi Muhammad SAW, tanggal 12 mulud, kanthi mawarni-warni cara, wonten ingkang ngawontenaken pengaosan akbar, wonten ingkang kanthi ngawontenaken tasyakuran sesarengan. Pramila saking punika wonten ing kesempatan punika, sumangga sami ngenget-ngenget dhateng sedaya perjuanganipun Kanjeng Nabi, ingkang intinipun panjenenganipun dipun dipun tunjuk dening Allah minangka Rasul, utusan minangka rahmatan lil ‘alamin lan minangka uswatun khasanah, tuladha ingkang paling sae kangge sedaya para manungsa.[baca artikel lain bertema Maulid nabi, KLIK DISINI] 









dapatkan souvenir murah, berkualitas. hanya disini : www.inoagroup.com, souvenir paling murah&lengkap

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Dene dipun utusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, inggih punika :
Minangka Paring Kabar bebingah
Minangka paring kabar bebingah dhateng sedaya kawulanipun Allah ingkang iman lan taqwa, lan paring kabar peringatan badhe nampi ukuman saha pidananipun Allah sok sintena ingkang nrajang awisanipun Allah. Kados kasebat ing QS Saba’ : 28:
“Lan ingsung ora ngutus marang sira Muhammad, kejaba Sun utus marang sakabehing para manungsa, kanthi tugas minangka tabsyir utawa aweh  kabar bebungah lan tasdzir  utawa aweh peringatan. Nanging akeh-akehe manungsa padha ora ngerti marang tugase Kanjeng Nabi sing mulya iki”.
Minangka Rahmat Welas Asihipun Allah
Minangka rahmat welas asihipun Allah dumateng kita sedaya para mahkluk. Kados kasebat ing QS Al-Anbiya’ :107:
“Lan Ingsun ora ngutus marang sira Muhammad kejaba minangka rahmat welas asih-Ingsun kanggo sakabehing mahkluk ing sakabehing alam”. (QS Al-Anbiya’ :107).

Minangka Nyempurnakaken Akhlak
Salajengingipun tugas Kanjeng Nabi Muhammad SAW inggih punika, minangka satunggaling utusan ingkang kadhawuhaken ndandosi lan nyampurnakaken para manungsa, “Satemene ingsung diutus dening Allah SWT iku mung kanthi tugas supaya nyampurnakake akhlake manungsa”. (Al Hadits).
Mesthi kemawon risalahipun Rasulullah punika boten namung sekedar nyakup tigang warni kadas ingkang sampun kula aturaken ing nginggil, ananging  langkung kathah lan langkung wiyar, nyakup sedaya urusan wiwit urusan ing ndonya ngantos babagan keakhiratan. Sedaya dipun aturaken secara komplit lan sampurna. Sahingga  Kanjeng Nabi Muhammad SAW punika mujudaken satunggalipun priyagung ingkang paripurna, ingkang kedah dipun teladhani lan dipun conto dening sedaya umat manungsa punika, temtu kemawon wonten sebabipun ingkang gumathok, inggih punika saking kasilipun nindakaken misi lan perjuanganipun  minangka rahmat kagem sedaya mahkluk. Panjenenganipun ugi kasil ngangkat derajatipun para manungsa saking panggenan ingkang asor lan nistha dhateng panggesangan ingkang linurup dening budi pekerti ingkang luhur.[baca artikel lain bertema Maulid nabi, KLIK DISINI]




Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Hadits pangandikanipun Rasulullah lan ayat Al-Qur’an ngendikanipun Allah SWT punika jelas sampun kita pahami, makna saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang jumeneng Rasul,  ingkang penting saking anggen kita badhe mrengeti wiyosanipun Njeng Nabi inggih punika kita sampun saged ngamalaken punapa dereng. Liripun yen kita kepingin pikantuk rahmat welas asihipun Allah lan kepingin pikantuk kanugrahan saha kawilujengan ing doya dalah ing akhirat, kita kedah purun nindakaken sedaya ingkang dipun dawuhaken dening Allah saha nilaraken sedaya awisanipun Allah, lewat punapa ingkang sampun dipun aturaken Kanjeng Nabi Muhammad SAW minangsa utusanipun Allah. Sahingga Iman lan taqwa dados harga mati. Ingkang kedah turus kita pertahanaken murih saya ningkat saha mantep.
Sebab kita yakin bilih tujuan kita sami, kita kepingin mulya gesang ing donya lan gesang ing akhirat mbenjang. Nanging kados dene lare sekolah ingkang mbetahaken ujian kangge tandha kelulusanipun, kita ing donya ugi boten badhe uwal saking ujianipun Allah. Mila saking punika, Kanjeng Nabi Muhammad SAW dipun utus dening Allah kangge paring pepadhang dateng sok sintena ingkang nembe nandang pepeteng, lan paring pitedah dhateng sok sintena kemawon ingkang kesasar.[baca artikel lain bertema Maulid nabi, KLIK DISINI]


Para sederek, ngengingi tujuan gesang punika, Allah sampun ngendika wonten ing QS Al-Qashash :77 :
“Lan sira golekana marang apa wae kang wis diparingake Allah marang sira (kang arupi kebahagiaane) kampong akhirat, nanging aja nganti sira nglalekake bageanira saka kadonyan, lan tumindaka becik kaya anggone Allah wis paring kabecikan marang sira”.

Ing ngriki Allah SWT nandesaken malih, bilih anggayuh kebahagiaan kangge salami-laminipun ing kampung akhirat, sampun ngantos ngorbanaken kebahagiaan ing alam donya, makaten kosok wangsulipun. Ananging kita kedah kagungan keyakinan bilih saben-saben amal tumindak ingkang kita tindakaken punika kedah ngasilaken biji akhirat. Wilujeng awit ing donya ngantos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.







RAMADHAN 2014
tags : 
facebook

Islam Paring Kamulyan Dumateng Wanita

 

Oleh Soli Riza,
Sumber Bahasa Indonesia : Muhammad Ihsan Zainuddin

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛


Jama’ah shalat Jum’at ingkang minulya,

Kaum muslimin para hamba Allah ingkang dirahmati Allah,
Wonten ing dalem wekdal ingkang sampun modern punika, pangandikan-pangandikan bab wanita sampun kathah sanget, kaum intelektual saha kaum awam tansah dadosaken tema babagan wanita minangka tema ingkang boten rampung-rampung kita bahas.


Punapa sabab musababipun, kita sedaya sampun mafhum bilih wanita ingkang kita mangertosi anggadhahi kelemahlembutan ingkang saestu-estu ananging sampun tinulis wonten ing sejarah, bilih kathah para wanita ingkang saged paring pengaruh kagem pembangunan peradaban alam kadonyan, anamung ugi saged paring pengaruh kagem kehancuran kados ingkang sampun kita mangertosi sedaya.
membeli kembali Indonesia

...
Caranipun mangertosi prayoginipun posisi kaum wanita ingkang leres, kita kedah purun sinau, maos sejarah pripun posisi kaum wanita ingkang wonten ing zaman rikala sakderengipun tumurun Islam. Sakderengipun Islam tumurun, sejarah sampun nulis bilih kondisinipun kaum wanita sanget dadosaken prihatin. Benten-benten sanget suku-suku dalah bangsa maringi posisi kagem kaum wanita, wonten salah satunggaling bangsa ingkang dadosaken wanita penguasa utawi ratu ingkang kekuasaanipun sanget wiyar.
Allah paring firman :
Sesungguhnya aku (burung hud-hud) mendapati seorang ratu yang menguasai mereka dan ia dianugrahi segala sesuatu serta mempunyai singgasana yang besar” (An-Naml: 23)

Ugi wonten suku utawi bangsa ingkang dadosaken wanita punika boten sanes namung aib, satunggaling suku punika gadhah raos isin umpami gadhahi putri estri. Langkung-langkung keluarga ingkang dipun anggap bangsawan rikala semanten, kathah ingkang ngubur larenipun menawi dimangertosi lahir estri.
Allah ugi paring firman :
 Dan apabila bayi-bayi perempuan yang dikubur hidup-hidup ditanya, karena dosa apakah ia dibunuh.” (At-Takwir: 8-9).

Mekaten punika kondisinipun wanita wonten ing zaman jahiliyah; kados barang ingkang boten woten artosipun ing dalem keluarga ugi masyarakat, dados budak kaum pria. Dinten lahiripun dados dinten ingkang sedaya soma sedih, kuciwo lan bayi ingkang lahir punika dipun kubur dening bapa kandungipun piyambak. Mekaten punika amargi akal ingkang tebih saking nur wahyu Illahi. Punika gambaran para umat ingkang dipun didik dening berhala-berhala dalah para tukang sihir.


Ibnu Abbas Radhi
yallaahu anhu ngendika : “bila engkau ingin melihat bagaimana kejahilan bangsa Arab terdahulu maka bacalah firman Allah Ta’ala:
Sungguh merugilah orang-orang yang membunuh anak-anak mereka karena kebodohan tanpa ilmu.” (Al-An’am: 140)

Kita kedah mahami bilih kejahiliyahan estu-estu sampun ngrusak peradaban khususipun bangsa Arab rikala semanten sampun tebih terperosok wonten ing jurang peradaban ingkang rusak, sahingga akhiripun tumurun fajar Islam paring cahya terang kagem sedaya umat ing alam donya. Allah paring firman :
Dan para laki-laki beriman dan wanita yang beriman itu adalah wali (penolong) antara sebagian mereka kepada sebagaian yang lain.” (At-Taubah: 17)

saklajengipun Allah paring firman :
Dan para wanita itu mempunyai hak dan keseimbangan dengan kewajiban mereka secara ma’ruf.” (Al-Baqarah: 228).


Mila mekaten Islam sampun maringi pitedah dasar-dasar dalah pondasi ingkang sanget kuat kagem paring bimbingan pribadi para wanita kanthi pedoman fitrah ingkang sampun prayogi. Islam ugi paring penghargaan dumateng para wanita, Islam paring penghargaan ingkang inggil langkung-langkung dumateng para Ibu ingkang kita kedah langkung paring kurmat tinimbang kurmatipun kita dumateng bapa kita.

قَالَ رَجُلٌ: يَا رَسُوْلَ اللهِ مَنْ أَبُرُّ؟ قَالَ: أُمَّكَ، قَالَ: ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ: أُمَّكَ، قَالَ: ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ: أُمَّكَ، قَالَ: ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ: أَبَاكَ. (رواه البخاري ومسلم).
Salah satunggaling hadits, tinulis makaten :
Seorang pria bertanya: “Wahai Rasulullah! Kepada siapakah aku berbakti?” Beliau menjawab: ”Ibumu” Ia bertanya lagi: “lalu kepada siapa?” beliau menjawab: “Ibumu.” kemudian ia bertanya lagi: “lalu kepada siapa ? beliau menjawab: “Ibumu” kemudian ia bertanya lagi “lalu kepada siapa ?” barulah beliau berkata: “ayahmu.” (HR. Al-Bukhari dan Muslim)
...

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.

 ... ...

Khutbah Kaping Kalih :
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.
 ...

Wulan Panas Ramadhan

 


KHUTBAH JUMAT BASA JAWA : WULAN RAMADHAN WULAN INGKANG PANAS

.


Wulan Ramadhan ingkang kita ajeng-ajeng boten dangu malih badhe dhumawah. Umat Islam soma siap-siap nyambet wulan Ramadhan kanthi lahir ugi bathos. Lahiripun kita nyiapken badan kita, jasmani kita kanthi njaga supados tetep sehat sahingga ing dalem nglaksanakaken ibadah shiyam saged langkung kiat. Bathiniyah ugi kita kedah nyiapaken ruhani kita kanthi ngangsu kawruh, sinau ngudi ilmu sahingga saged terang jiwa kita nyambut wulan ingkang suci, wulan Ramadhan. Khutbah Jumat Basa Jawa punika mugiyo saged ndadosno manfaat dumateng para khatib ugi umat kagem sarana dakwah nyambut wulan Ramadhan.



.
.


ألْحَمْدُلِلّهِ الّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِ الأَوْقَاتِ, وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الأَيَّامِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ, وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصِامَ. اللهمّ صَلّ وسّلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدِ وعَلى آلِه وأصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أمَّا بعْدُ, فيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَِ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الأَثَامِ.

Hadirin jama’ah shalat jum’at rahimakumullah.
Monggo wonten ing dinten ingkang mulya punika, kawula ngajak diri kita pribadi ugi sedaya jamaah, sareng-sareng kita tingkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, nun inggih kanthi saestu-estu nglampahaken punapa ingkang dados perintah Allah SWT ugi ninggalaken sedaya ingkang dados laranganipun Allah SWT, sahingga kanthi ridha Allah kita kalebet dateng golongan hamba-hamba ingkang tansah untung wonten ing donya ugi ing akhirat, amin amin yaa rabbal ‘alamiin.
Hadirin jama’ah shalat jum’at rahimakumullah
Boten dangu malih tamu kita ing mulya wulan Ramadhan badhe dhumawah. Tamu mulya ingkang ngasta kathah sanget keistimewaan dumateng kita ingkang boten waged kita alami ing wulan-wulan sanes. Wonten ing dalem wulan Ramadhan nilai ibadah dipun lipataken mapinten-pinten, doa-doa dipun kabulaken, dosa-dosa dipun ampuni, swarga dipunbika, neraka dipun tutup. Ramadhan nun inggih kadosto tamu agung ingkang dipun tenggo-tenggo rawuhipun, rugi manungsa ingkang boten waged kepanggih, anamung langkung rugi malih sinten-sinten ingkang kepanggih namung boten waged mundhut manfaat saking keistimewaan punika.

BUKU KHOTBAH JUM'AT BAHASA JAWA 2015, SUDAH TERBIT !!!

BUKU KUMPULAN KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA 2015, PESAN SEKARANG !!!

Mila punika, kita kedah nyiapaken kanthi saestu-estu nyambut wulan Ramadhan, sahingga kita saged mundhut manfaat kanthi maksimal kagem ibadah nyaketaken jiwa raga dumateng Allah SWT, sahingga punapa ingkang dados tujuan akhir saking shiyam Ramadhan, nun inggih derajat “Taqwa” saged kita pundhut. Sabda Rasulullah woten hadits ingkang dipunriwayataken an-Nasa’i saking Abu Hurairah :

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرْدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ …… (سنن النسائي الجزأ 7 ص.  256 : (2079))

Artosipun :
Saking sahabat Abu Hurairah r.a. nate ngendika, bilih Rasulullah nate sabda :
“Saktemene wis teko marang sira kabeh wulan Ramadhan, wulan kang kebak berkah, ono ing wulan iku Allah majibake marang sira kabeh podho poso. Ing wulan iku, langit lawange dibuka, neraka lawange ditutup, setan-setan dibelenggu. Ing wulan iku ono salah sijining wengi kang luwih apik tinimbang sewu wulan. (HR. an Nasa’i)

.
.



Kejawi punika, Rasulullah paring pangajar dumateng kita salah satunggaling donga ingkang sae dipun konjukaken sakderengipun Ramadhan, inggih punika : Allahuma bariklana fii Rajaba wa Sya’bana, wa ballighna Ramadlana… (ya Allah berkahi kami di bulan Rajab dan Sya’ban, dan sampaikan kami pada Ramadhan) (HR. Ahmad dan Bazzar).
Mila, monggo kita sambet wulan Ramadhan kanthi manah ingkang bingah, “Marhaban Yaa Ramadhan (Sugeng Rawuh Wulan Ramadhan), kita sambet wulan ingkang kathah barokah kanthi manah ingkang bingah”.
Prof. Dr. Quraish Shihab, ulama tafsir Indonesia lulusan Universitas Al-Azhar Mesir paring penjelasan bilih “Marhaban” punika asalipun saking akar kata “rahb” (رَحْبٌ) ingkang artosipun (وَاسِعٌ, رَحِيْبٌ) “luas utawi wiyar”, sahingga marhaban nggambaraken bilih tamu ingkang rawuh punika dipun sambut kanthi bingahipun manah, kanthi tangan ingkang kebuka, kanthi seneng, ugi dipun persiapaken sedaya kagem tamu punika.

BUKU KHOTBAH JUM'AT BAHASA JAWA 2015, SUDAH TERBIT !!!

BUKU KUMPULAN KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA 2015, PESAN SEKARANG !!!

Wonten malih “rahbah” ingkang artosipun “panggenan wiyar kagem kendaraan” kagem bekal perjalanan. “Marhaban Ya Syahra Ramadhan” artosipun “kita nyambut kanthi manah bingah ugi kita siapaken panggenan ingkang wiyar supados bebas nglaksanaken punapa kemawon, ingkang saged ngasah dalah ngasuh jiwa ruhani kita”.
Wonten ing bahasa Arab wulan kasebat “syahr” (الشَّـهْرُ) ingkang artosipun “terkenal” utawi populer. Piyantun Arab biasanipun paring asma dumateng wulan dipun sesuaikaken dening kawontenan wulan kasebat. Keranti dhawahipun perintah shiyam wonten ing musim panas, mila wulan punika kasebat “Ramadhan” ingkang akar katanipun saking “Ramidha” (رَمِضَ) ingkang artosipun “panas sanget, nggarang” dipunsebabaken srengenge ingkang manasi pasir-pasir wonten gurun. Artos sanesipun, nun inggih “watu karang ingkang saged nggarang”.
Hadirin jama’ah shalat jum’at rahimakumullah










.

RAMADHAN 2014

SOLIRIZA
SOLIRIZAFB

Contoh Undangan Bahasa Jawa (Kumpulan Panitia)

 

InoaGroup.com - Contoh surat undangan dengan menggunakan bahasa jawa kali ini kami sampaikan sebuah posting dengan judul Contoh Undangan Bahasa Jawa untuk Kumpulan Panitia.   BACA JUGA : Menghasilkan Uang dari Internet Tidak Bisa Cepat? Benarkah, KLIK DISINI
www.inoaGroup.com

Contoh Undangan Bahasa Jawa

"Kumpulan Panitia"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


Surat-surat penting menggunakan bahasa jawa kini mulai kembali menjadi pilihan bagi beberapa kalangan tokoh-tokoh publik khususnya yang tinggal di Jawa, selain bahasa yang santun juga mengandung makna yang begitu dalam untuk ditelaah. Selain juga untuk melestarikan budaya leluhur, ternyata surat-surat dengan menggunakan bahasa Jawa memiliki kesan tersendiri bagi penerima karena memiliki kesan santun dan luhur. Salah satunya adalah Surat Undangan, saat penerima membaca Surat Undangan menggunakan bahasa Jawa dengan pilihan kata-kata yang tepat akan merasa lebih dihargai dan dihormati, Berikut kami sampaikan salah satu contoh undangan dalam bahasa Jawa. BACA JUGA : Kisah Unik Seorang Pelajar  Hasilkan 25 Juta Per Bulan Dari Internet 


RUKUN TETANGGA 01 RUKUN WARGA 05 DK. KLUMPRIT
DUSUN GEDAWUNG, DESA PANCURANMAS,
KEC. SECANG, KAB. MAGELANG
Undangan
katur dumateng :
________________________
wonten  Dk. Klumprit

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh


Puji syukur konjuk dumateng Allah SWT ingkang tansah paring mapinten-pinten kanikmatan, taufik, dalah hidayah dumateng kita. Milo kanthi nyuwun rohmat soho ridhoning Gusti, kepareng kawulo ngajeng-ajeng rawuhipun panjenengan ing :

Dinten, Tanggal Rabu malam Kamis, 15 Januari 2016
Wekdal             : Tabuh 20.00 / Ba’da Isya
Adicara             Pembubaran Panitia Acara Kuda Lumping
Panggenan       Ketua RT.01 Klumprit


Ing wasana kawula ngaturaken gunging panuwun kanti panjurung pandonga mugi-mugi rawuh panjenengan kecatet dados amal ibadah lan pikantuk piwales saking Allah SWT. Amiin Yaa Rabbal ‘Alamiin.
Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh


                                                                 Magelang, 14 Januari 2016
                                                                           Taklim kawula,



                                                                          S O L I C H I N
                                                                           KETUA RT.01 

Demikian artikel tentang Contoh Undangan Bahasa Jawa (Kumpulan Panitia), untuk melihat contoh lainnya, KLIK DISINI  KAMI BERBAGI KARENA KAMI PEDULI, SHARE ARTIKEL INI JIKA MENURUT ANDA BISA BERMANFAAT BAGI ORANG LAIN, KLIK TOMBOL SHARE DI BAWAH INI ---


Khubah Jumat Bahasa Jawa : Nebihi Godhaning Syaithan (Januari 2016)

 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Masih dalam suasana tahun baru pasti masih segar dalam ingatan banyaknya kenangan di tahun-tahun sebelumnya, banyak kisah baik senang maupun sedih yang sudah kita lewati, semua adalah perjalanan yang memang harus kita lalui. Sebagai Muslim sudah menjadi keharusan untuk memanfaatkan moment ini sebagai waktu yang tepat untuk berhuhasabah, apakah selama perjalanan itu kita sudah banyak melakukan amal sholeh atau justru lebih banyak dosa yang kita kerjakan karena terlalu menuruti hawa nafsu dan bujukan setan. Artikel kali ini adalah Khutbah Jumat  Godaan Setan dalam Bahasa Jawa, semoga bermanfaat. baca selengkapnya >>> KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA : NEBIHI GODHANING SETAN, KLIK DISINI 

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA

"NEBIHI GODANING SYAITHAN"

 Oleh : Soli InoaGroup.com

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Ma’asyiral Muslimin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Taksih wonten ing suasana warsa enggal 2016 M, kita taksih enget kathah sanget prastawa lan rupi-rupinipun kawontenan ingkang dumados ing sadangunipun setunggal tahun 2015 kapungkur. Wonten prastawa lan kawontenan ingkang damel remenipun ati, ugi mbaten sekedik kedadosan ingkang andamel kuciwa ugi mranani penggalih. Sedaya punika minangka pepaesipun gesang ing ngalam donya.
Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Ma’asyiral Muslimin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita buka manah kita, kanthi nyaosaken puja puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing dinten Jum’at punika saget katampi, sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugia tetep kita katetapna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Samangke sumangga kita sesarengan sami mawas diri ugi muhasabah punapa kita punika sampun saged klebet golongan mukmin, Punapa kita sampun estu-estu iman engkang leres, beramal shaleh, sedaya ingkang kita tindakaken mesti saenipun, mesti dipun ridlai Allah?
Allah SWT, wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Hasyr ayat 18 :

“He wong-wong kang padha iman, taqwa-a sira kabeh marang Allah, lan saben-saben wong supaya padha nggatekake marang sakabehing amal tumindak ana ing dina-dina kepungkur kanggo kemaslahatane dina-dina kang bakal tumeko, lan padha taqwa-a sira kabeh marang Allah, satemene Allah iku Maha pirsa marang apa bae kang kok tindakake”. 

baca selengkapnya >>> KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA : NEBIHI GODHANING SETAN, KLIK DISINI
Back to top