Showing posts with label sabda. Show all posts
Showing posts with label sabda. Show all posts

Tuladha Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

 

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Kula nuwun,
Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp. Aji Santoso sarimbit garwo, kula piniji minangka talanging basa, saperlu caos wangsulan pamundhut palilah pamitipun kadang kula wakil saking badhe kadang besan sutresna.
 http://abiahya.blogspot.co.id/2016/08/daftar-buku-terbaru-wajib-baca.html
Dhumateng panjenenganipun Bp. Sukarwan ingkang minangka sulih sarira saking panjenenganipun badhe kadang besan sutresna ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Kanthi suka bingahing manah panjenenganipun Bp. Zaenal sekaliyan, nampi kerawuhan panjenengan serombongan ingkang sampun kepareng angestreni lampahing adicara pasrah sarana miwah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi. Ingkang punika sepindhah malih ngaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan kepareng mundhut pamit, kula boten kadugi amambengi namung saged ndherekaken sugeng kondur saha ngaturaken puji donga konjuk dhumateng gusti, mugi-mugi jengkar panjenengan saking pawiwahan mriki dumugi ing dalem, tansah manggih rahayu wilujeng sepen sambekalaning margi.
Minangka pungkasaning atur hambokbilih menawi wonten kuciwaning boja krami anggen kula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sarombongan, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka talanging atur hambok bilih anggen kula matur wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kupat duduhe santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Akhirukalam
Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Contoh Menerima Lamaran Bahasa Jawa, Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

 

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Dhumateng panjenenganipun Bp. Adi Nugroho ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. Mustofa Sanusi sekaliyan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
http://abiahya.blogspot.co.id/2016/08/daftar-buku-terbaru-wajib-baca.html 

Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken maewu-ewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp. Ahmad Zulkarnaen sarimbit garwa, kula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bp. Mustofa Sanusi sekaliyan lumantar panjenenganipun Bp. Adi Nugroho.
Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadan ing karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun kula tampi, saklajengipun dhumawaha sami sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaking akrami, kula tampi kanthi suka bingahing manah, ing saklajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp. Ahmad Zulkarnaen sekaliyan. Boten kekilapan panjenenganipun Bp. Mustofa Sanusi sekaliyan hanamung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparingipun badhe kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bp. Ahmad Zulkarnaen sekaliyan mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami sami netepi darmaning sepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp. Mustofa Sanusi sekaliyan lumantar kula, ngaturi uninga bilih menawi  sampun dumugi wahyaning mangsakala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bp. Ahmad Zulkarnaen sekaliyan garwa calon kadang besan wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak ganyuking wicara, cawuh kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.
Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah
Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Back to top