Tuladha Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

 

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Kula nuwun,
Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp. Aji Santoso sarimbit garwo, kula piniji minangka talanging basa, saperlu caos wangsulan pamundhut palilah pamitipun kadang kula wakil saking badhe kadang besan sutresna.
 http://abiahya.blogspot.co.id/2016/08/daftar-buku-terbaru-wajib-baca.html
Dhumateng panjenenganipun Bp. Sukarwan ingkang minangka sulih sarira saking panjenenganipun badhe kadang besan sutresna ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Kanthi suka bingahing manah panjenenganipun Bp. Zaenal sekaliyan, nampi kerawuhan panjenengan serombongan ingkang sampun kepareng angestreni lampahing adicara pasrah sarana miwah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi. Ingkang punika sepindhah malih ngaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan kepareng mundhut pamit, kula boten kadugi amambengi namung saged ndherekaken sugeng kondur saha ngaturaken puji donga konjuk dhumateng gusti, mugi-mugi jengkar panjenengan saking pawiwahan mriki dumugi ing dalem, tansah manggih rahayu wilujeng sepen sambekalaning margi.
Minangka pungkasaning atur hambokbilih menawi wonten kuciwaning boja krami anggen kula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sarombongan, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka talanging atur hambok bilih anggen kula matur wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kupat duduhe santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Akhirukalam
Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Tuladha Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran 4.5 5 inoa group Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh Kula nuwun, Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama...


No comments:

Post a Comment

Back to top