Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Peringatan Isra' Mikraj 2016

 

InoaGroup.com -
Hadirin jama’ah jum’ah dipunmulyaaken Allah
Wonten kitab al-barzanji ingkang asring kita waos dipun ngendikaaken bilih gangsal tahun sakderengipun hijriyyah sekitar tanggal 27 Rojab Rasulullah SAW dipun isra’aken dening Allah SWT kanthi ruh lan jasadipun wonten keadaan sadar, netep milai Masjidil Haram (Makkah) dumugi Masjidil Aqsha, saklajengipun Rasulullah SAW dipun mi’rajaken dening Allah SAW minggah wonten ing nginggilipun langit sapitu.

Hadirin jama’ah jum’ah dipunmulyaaken Allah
Monggo sesarengan kita tingkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi saestu kita nindaaken punopo ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal kalehan “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing ndunyo punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngersonipun Allah SWT. Mugi kita tansah saged nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin.
  BACA JUGA : Menghasilkan Uang dari Internet Tidak Bisa Cepat? Benarkah, KLIK DISINI
www.inoaGroup.com

Khutbah Jumat Bahasa Jasa

"Mengeti Isra' Mikraj"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


Wonten ing langit setunggal (langit ndunyo), Rasulullah SAW kepanggih Nabi Adam AS, nomer kaleh kepanggeh dumateng Nabi Isa AS, ugi kepanggih Nabi Yahya. Lajeng ing langit nomer tigo, Rasulullah kepanggih Nabi Yusuf AS. Wonten ing langit nomer sekawan Nabi kepanggih dumateng Nabi Idris AS. Wonten ing langit kaping gangsal, Nabi Muhamad SAW kepanggeh Nabi Harun AS. Saklajengipun wonten langit nomor enem kepanggih Nabi Musa AS, wonten ing langit nomor pitu, Nabi kepanggih Nabi Ibrahim AS.

Lajeng Rasulullah SAW minggah dugi sidrotil muntaha utawi sajarotil muntaha ingkang lajeng minggah maleh dugi mustawa (panggenanipun seratan sedoyo perkawis ingkang bade dipun tetepaken Allah SWT) lajeng minggah dumugi Arsy (Nabi Muhamad SAW tetemu, munajat lan mukasyafah dumateng Allah SWT).

Hadirin Jama’ah Jum’ah Dipunmulyaaken Allah.
Wonten ing keterangan saklajengipun bilih Rasulullah SAW nampi setunggalipun perintah inggih punika sholat gangsal wekdal ingkang fadhilahipun sami kalean sholatipun umat lentunipun ingkang nglampahaken sholat 50 wekdal setiap dintenipun. Punikalah keutamaan ingkang dipun paringaken Allah SWT dumateng kita minongko umatipun Nabi Muhamad SAW. Lajeng saksampunipun punika dipun ngendikaaken:
Setuhune Rasulullah SAW mersani poro malaikat ingkang sami ngibadah kanthi macem-macem bentu’ipun kanthi benten antawis setunggal kelompok dumateng kelompok sanesipun. Wonten ingkang sami jumeneng sak lawase, wonten ingkang ruku’ sak lawase, wonten ingkang sujud sak lawase, wonten ingkang maos tasbih sak lawase, lan wonten ingkang maos takbir sak lawase. 

Ugi macem-macem tingkahipun, kanthi dzikir-dzikir ingkang dipun waos. Saksampunipun punika lajeng Rasulullah bronto dumateng tingkah kala wau lan nyuwun dumateng Allah supados kerso maringaken amalan punika kagem kiyamba’ipun ugi kagem umatipun. Lajeng Allah SWT mucal Rasulullah SAW bentuk lan coronipun nglampahaken sholat punika lan maringaken amalan punika dumateng Rasulullah SAW ugi kita sedoyo kanthi dipun tambahi amalan waosan Al-Qur’an ingkang khusus dipun paringaken dumateng kita ing saklebetipun Sholat supados ngetingalaken keutamaanipun tiyang ingkang shalat ngluwihi keutamaanipun poro malaikat kala wau. Kanthi punika monggo kita jagi amalan ingkang sampun dipun paringaken dening Allah SWT dumateng kita sedoyo punika, ampun dipun lerwa’aken Jajanipun Rasulullah SAW naliko nglampahaken perjalanan Isra’ Mi’roj. Mangertoso bilih sholat punika kados dene walimah (Pesta) ingkang dipun damel dening rojo. Ingkang dipun cawisaken kanthi macem-macemipun dedaharan lan unju’an ingkang sedoyo lezat lan kathah manfaatipun ugi ndadosaken kemeceripun menungso supados saged ngeraosaken panganan kala wau. Semanten ugi sholat punika minongko pesta ingkang dipun sediya’aken dening Allah SWT dumateng kita ingkang sampun dipun cawisaken macem-macemipun tingkah, lan dzikir ingkang benten-benten supados kita saged ngeraosaken lezatipun sholat punika. Sebab dipun ngendika’aken sakeng Kanjeng Nabi Muhamad SAW bilih menawi wonten setunggalipun kawulo ingkang sholat kalih roka’at kanthi madep dumateng Allah kelawan atine, mongko wong iku bakal metu soko dosane koyo dene lahire bayi sakeng guwo garba ibune. BACA JUGA : Kisah Unik Seorang Pelajar  Hasilkan 25 Juta Per Bulan Dari Internet
   




   






Tingkah-tingkah sholat kadosto ruku’, sujud lan sak piturute punika kados dene dedaharan kita lan dzikir-dzikir sholat kados dene takbir, tahmid, tasbih lan sak piturute punika minongko unju’an-unju’an ingkang cumawis ingkang sedoyo saged mbeto manfaat menawi kita purun saestu ngraosaken panganan lan unju’an kala wau. Mugi kita saged ngginaaken kesempatan wulan rojab punika kanthi tansah bagusaken sholat kita lan akhiripun mugi sholat kita dipun tampi wonten ngarsanipun Allah SWT dingapunten sedoyo kekirang saenipun sholat punika ugi diridloni sedoyo amal–amal kita sanesipun. Amin.

KAMI BERBAGI KARENA KAMI PEDULI, SHARE ARTIKEL INI JIKA MENURUT ANDA BISA BERMANFAAT BAGI ORANG LAIN, KLIK TOMBOL SHARE DI BAWAH INI



Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Peringatan Isra' Mikraj 2016 4.5 5 inoa group InoaGroup.com - Hadirin jama’ah jum’ah dipunmulyaaken Allah Wonten kitab al-barzanji ingkang asring kita waos dipun ngendikaaken bi...


No comments:

Post a Comment

Back to top