Contoh Sambutan Bahasa Jawa, Ketua Panitia Pengajian Acara Khaul dan Sadranan

 

InoaGroup.com - Sambutan Ketua Panitia dengan bahasa jawa kali ini akan disampaikan contoh untuk acara “Sadranan/nyadran”, sama seperti sambutan Ketua Panitia pada umumnya untuk acara-acara lain, pada dasarnya berisi beberapa hal inti antara lain : ucapan selamat datang, terima kasih kepada para undangandan semua pihak yang telah membantu terlaksananya acara tersebut, juga menyampaikan ucapan maaf tentunya setiap penyelenggaraan acara pasti ada kekurangan, dan inti dari Sambutan Ketua Panitia adalah menyampaikan maksud dan tujuan Acara dilaksanakan. Berikut adalah contoh Sambutan Ketua Panitia dengan Bahasa Jawa dalam Acara Pengajian dalam rangka khaul dan Sadranan, semoga bermanfaat.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
www.inoaGroup.com

Sambutan Ketua Panitia Pengajian

"Acara Khaul dan Sadranan"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah, Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa Kyai ... (nama kyai sebagai nara sumber) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah; Para tokoh masyarakat, Kepala Desa ... (nama desa dan nama kepala desa) saha sedaya perangkatipun ingkang kawula hormati. Sumrambah para bapak, para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang kepareng paring mapinten-pinten kanikmatan, nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Rasulullah, nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Amiin

Para jamaah pengaosan Khaul dalah Sadran Dusun ... (nama tempat Pengajian) ingkang kawula hurmati
Keparengo kawula ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah menggah karawuhan panjenengan sami, milo kawulo ikroraken kanthi salam ASSALAMUALAIKUM WARRAHMATULLAHIWABARAKATUH.
Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardikaning penggalih dalah agunging lahir batos kanthi niat sesarengan boten sanes nun inggih niat ngangsu kawruh, ngudi ilmu, mugio paring barokah sahingga tambahing ilmu kito panjenengan insya Allah dipun paring manfaat dunia dalah akherat, Amin.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
   




   





Saklajengipun kaleksananing adicara pengaosan Khaul dalah Sadran dinten punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman, milo meniko kawula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa umpami, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah. Amin  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html

Minangka puputing atur, mbokbilih anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, Semanten ugi, anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, saha wonten kiranging subasita mugi lumeberna sih samudra pangaksami.
Cekap semanten atur kawula, kawula akhiri

Wassalamualaikum warrahmatullahiwabarakatuh  




Baca Juga Artikel Lainnya :

Contoh Sambutan Bahasa Jawa, Ketua Panitia Pengajian Acara Khaul dan Sadranan 4.5 5 inoa group InoaGroup.com -   Sambutan Ketua Panitia dengan bahasa jawa kali ini akan disampaikan contoh untuk acara “Sadranan/nyadran”, sama sepert...


No comments:

Post a Comment

Back to top