Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa, Acara Pengajian Khaul & Nyadran

 

InoaGroup.com - Sadranan atau Nyadran adalah salah satu kegiatan yang menjadi tradisi masyarakat Jawa yang hingga saat ini masih tetap dilestarikan, di Jawa Tengah khususnya acara Sadranan diadakan setahun sekali biasanya sebelum bulan Puasa. Adapun pelaksanaannya bisa berbeda-beda di setiap daerah. Maksud dari acara nyadran untuk menghormati para leluhur dengan cara memberikan shodaqoh yang pahalanya dikirimkan kepada ahli kubur. Acara yang dilaksanakan bermacam-macam, biasanya adalah Pengajian atau dikenal dengan Khaul. Kata Khaul sendiri berarti acara peringatan tahunan.   BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
www.inoaGroup.com

Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa

"Acara Pengajian Khaul dan Nyadran"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu, 
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’du.

-Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;
-Para alim, ulama, saha para kyai ingkang ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa Kyai ... (nama Kyai yang diundang sebagai pembicara) ingkang tansah kita tengga wedharing wursita aji, maidhah hasanahipun;
-Para pangemban pangembating praja, Bapa Kepala Desa ... (nama desa dan nama kepala desa) ingkang kawula hurmati, dalah sedaya perangkat desa, ugi para tokoh masyarakat ingkang boten saged kasebat asmanipun, ingkang pantes sinudarsana;
-Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah.
BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
   




   









Langkung rumiyin sumangga kita sami manengku puja puji, ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi titiwanci punika paring nugraha kawilujengan, saha sak sae-saenipun ni’mat arupi iman dalah Islam.
Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad, SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun, Amiin

Para rawuh rahimakumullah,
Sakderengipun kawula ingkang kapiji dherekaken titi adicara, sakderengipun nyuwun lumebering samudra pangaksami, denea kula nggempil kamardikan kinarya amurwakani adicara. Keparenga minangka jejering pambiwara kawula hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan Khaul Sadranan Basung Desa Pancuranmas, sampun rinacik mekaten :

-Adicara angka sepisan Pambuka
-Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur'an, ingkang samangke badhe kasarirani dening ... (nama qori/qoriah)
-Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang badhe kasarirani ... (nama petugas yang mengisi sambutan)
-Wondene adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatosing pepanggihan dinten punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom ... (nama Kyai yang menjadi nara sumber).
- Minangka pungkasaning adicara pengaosan nun nggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Khaul dalah Sadranan wonten ing ... (nama desa lokasi pengajian) ing dinten punika.
Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam punika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking punika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT kanti waosan ummul kitab sesarengan, kawula dherekaken sumangga, Al Fatihah...

Maturnuwun, mugiyo kanthi waosan Al Fatihah punika, adicara saged lumampah winantu barakahipun Allah, Amiin.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening ... (nama qori/qoriah), anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken ing sak lebeting manah jer punika Pangandikanipun Allah SWT. Salajengipun, dhumateng Bapak Sholikun wekdal kasumanggaaken.

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saget ayom ayem lan tentrem. Ugi dhumateng panjenenganipun ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang badhe kaaturaken dening Ketua Panitia ... (nama Ketua Panitia), dumateng panjenenganipun wekdal kasumanggaaken.

   BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html


Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, dhumateng panjenenganipun katur gunging panuwun. Tumapaking adicara salajengipun, dhumateng almukarrom ... (Nama Kyai), kasuwun paring wedharing wursita aji, maidhah hasanah saha doa, minangka wigatosing pepanggihan dinten punika. Anamung saderengipun kula ingkang piniji dherekaken lampahing adicara, temtunipun pinanggih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami, kawula akhiri. wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Dhumateng almukarrom Bapa Kyai ... wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016




Baca Juga Artikel Lainnya :

Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa, Acara Pengajian Khaul & Nyadran 4.5 5 inoa group InoaGroup.com -   Sadranan atau Nyadran adalah salah satu kegiatan yang menjadi tradisi masyarakat Jawa yang hingga saat ini masih tetap...


No comments:

Post a Comment

Back to top