Sambutan Ketua Panitia Sadranan Bahasa Jawa

 

Sambutan Ketua Panitia pada dasarnya berisi tentang ucapan selamat datang, terima kasih kepada para undangan yang telah menghadiri acara, ucapan terima kasih kepada semua pihak yang telah membantu terlaksananya acara tersebut, menyampaikan ucapan maaf tentang ketidaksempurnaan acara, dan inti dari Sambutan Ketua Panitia adalah menyampaikan maksud dan tujuan Acara dilaksanakan. Hal yang perlu diperhatikan adalah bahwa Sambutan Ketua Panitia harus singkat jangan terlalu panjang karena akan mengurangi efektifitas juga mengurangi durasi acara tersebut. Dalam Bahasa Jawa disebut juga Atur Pambagya Harja yang bermakna ucapan Selamat Datang, namun ada juga yang Atur Pambagya Harja sendiri dan Sambutan Ketua Panitia sendiri, hanya saja terlihat kurang efektif karena bisa dijadikan satu. Pada kesempatan ini kami sampaikan contoh Sambutan Ketua Panitia Acara Sadranan dalam Bahasa Jawa, semoga bermanfaat. dapatkan kumpulan dp bbm, klik disini
www.inoaGroup.com

Sadranan/Nyadran/Sadran

"Sambutan Ketua Panitia Bahasa Jawa"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


ATUR PAMBAGYA HARJO (Sambutan Ketua Panitia Pengajian)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah, Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa Kyai Syaifudin ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah; Para tokoh masyarakat, Kepala Desa Pancuranmas, Bapak Budi Prayitno, ST saha sedaya perangkatipun ingkang kawula hormati. Sumrambah para bapak, para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang kepareng paring mapinten-pinten kanikmatan, nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.




Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Amiin

Para jamaah pengaosan Khaul dalah Sadran Dusun Basung Desa Pancuranmas ingkang kawula hurmati
Keparengo kawula ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah menggah karawuhan panjenengan sami, milo kawulo ikroraken kanthi salam ASSALAMUALAIKUM WARRAHMATULLAHIWABARAKATUH.
Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardikaning penggalih dalah agunging lahir batos kanthi niat sesarengan boten sanes nun inggih niat ngangsu kawruh, ngudi ilmu, mugio paring barokah sahingga tambahing ilmu kito panjenengan insya Allah dipun paring manfaat dunia dalah akherat, Amin.

Saklajengipun kaleksananing adicara pengaosan Khaul dalah Sadran dinten punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman, milo meniko kawula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah. Amin

Minangka puputing atur, mbokbilih anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, Semanten ugi, anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, saha wonten kiranging subasita mugi lumeberna sih samudra pangaksami.
Cekap semanten atur kawula, kawula akhiri


Wassalamualaikum warrahmatullahiwabarakatuh


Demikian contoh Sambutan Ketua Panitia Sadranan dalam Bahasa Jawa, semoga bermanfaat. www.inoaGroup.com
Baca Juga Artikel Lainnya :

Sambutan Ketua Panitia Sadranan Bahasa Jawa 4.5 5 inoa group Sambutan Ketua Panitia pada dasarnya berisi tentang ucapan selamat datang, terima kasih kepada para undangan yang telah menghadiri acara,...


No comments:

Post a Comment

Back to top