Ikhlas Iku Ngeculake Kanthi Ati Seneng

 

Alasan kagem ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Ta'ala boten nate mandheg, kathah nikmat dalah anugerah ingkang boten waged kita etang, amargi kita memang boten waged ngetang kanikmatan ingkang sampun kita tampi.

Sholawat saha salam mugi konjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Sholallahu Alaihi Wassallam, ingkang sampun maringi pitedah dalan terang ingkang dados suri teladan kagem kito sedoyo. DP Islami Blackberry Messange, KLIK DISINI

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Januari 2015

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Ikhlas Iku Ngeculake Kanthi Ati Seneng"

Oleh : Solichin Soliriza 

Para sedherek ingkang dipun mulyakaken Allah, ingkang tansah dipun paringi kekiatan, ingkang tansah dipun paringi kesabaran nglampahi rutinitas dalan agesang ingkang boten gampang, mugiyo Allah tansah paring petunjuk lan dalan sae wonten tengah-tengah perjalanan gesang ingkang kathah dinamika punika, Amin.

Ngaturaken babagan ikhlas, kawula boten langkung pinter tinimbang para sedherek sedoyo, langkung-langkung sanget tebihipun bilih dipun bandingaken teladan agung kita ingkang kaserat wonten ing Kitab suci kita Al-Qur'an, Nabi Ibrahim ngorbanaken putra tunggalipun ingkang asma Nabi Ismail, ugi para sahabat ingkang berjihad mawi sedoyo banda langkung-langkung nyawa taruhanipun dipun korbanaken kanthi niat tulus jihad, kagem tegakipun kalimat Allah ing bumi punika.

Para sedherek ingkang sapunika saweg dipun paringi ganjaran arupi kesusahan amargi kelangan piyantun ingkang dipun trisnani, ingkang kedah dipun tinggal piyantun ingkang sanget dipun kasihi, utawi ingkang saat punika saweg kesusahan amargi hubungan katresnan ingkang kedah mandheg pedhot katresnanipun. Monggo kawula ngajak dumateng diri pribadi kula umumipun dumateng para sedherek sedoyo muhasabah utawi meyakini kanthi saestu bilih Allah boten badhe mundhut satunggaling kanikmatan kajaba Allah bakal paring ganti ingkang langkung sae, Allah boten nate paring kesulitan kajaba temtu badhe paring kanikmatan, Allah boten mendhel mangertosi hamba-hambanipun wonten kesusahan, temtu Allah badhe paring pangertosan, ilmu dalah hikmah, Allah boten nate bosen paring kekiatan dumateng kita sinaoso kanthi tumuruning kathah masalah.
   

PELANGI MARUPAWARNA BAKDA TUMURUNING UDAN 

Ingkang dados kasunyatan, sabar dalah ikhlas punika pilihan, kita saged milih badhe terus ngratapi kesedihan utawi purun enggal-enggal bangkit nguataken ati tambah semangat. Saestu sedoyo ingkang gesang wonten bumi punika ngalami ingkang naminipun sedih, susah, masalah, anamung sedoyo dipun paringi pilihan lan saged milih piyambah badhe terus-terusan sedih, frustasi utawi badhe bangkit muhasabah mundhut hikmahipun lan ndadosaken pribadi ingkang langkung sae.



para sedherek ingkang minulya, kawula boten saweg nggurui utawi maringi pelajaran dumateng panjenengan sedoyo, anamung saestu-estu punika ingkang saweg dipun alami penulis, jujur kemawon bilih kawula saweg rumaos sedih kelangan satunggaling piyantun ingkang sanget kawula trisnani, ingkang sanget perhatianipun, ingkang baken piyantun punika ingkang sanget istimewa ingkang nate maringi raos bagya wonten ing dinten-dinten ingkang kawula lampahi, anamung sapunika sampun tilar ninggalaken sedoyo kenang-kenangan. Sedih, nggih saestu sanget netra punika kados banjir tanpa mandheg, pengin nangis sak serune bledheg ngedalaken toya tanpa mandheg, anamung menawi eling nasehat para sufi ingkang nate ngendika :
Cinta yang agung adalah ketika kita menitikkan air mata dan masih peduli terhadapnya. Ketika dia tidak mempedulikan kita dan kita masih menunggunya dengan setia. Ketika dia mencintai orang lain dan kita masih bisa tersenyum sembari berkata "Aku turut bahagia untukmu." Sakit patah hati bertahan selama engkau menginginkannya dan akan mengiris luka sedalam kau membiarkannya. Tantangannya bukanlah bagaimana bisa mengatasi melainkan apa yang bisa diambil sebagai pelajaran dan hikmahnya. Orang terkuat bukanlah mereka yang selalu menang, melainkan mereka yang tetap tegar ketika mereka jatuh.


Para sedherek ingkang minulya, sepindhah malih kawula boten niat nggurui, amargi kawula yakin kita sedoyo gadhah masalah ingkang benten, wonten ingkang alit wonten ingkang langkung ageng, wonten ingkang sabar anamun wonten ingkang awrat ngucap :"INNALILLAHI WAINNA ILAIHI ROJIUN" bilih punopo ingkang sedoyo kita gadhahi, kita sayangi, kita trisnani, sedoyon punika hakipun Allah, lan badhe dipun pundhut malih wonten ngarsa dalem Allah.
Kumpulan Khutbah Bahasa Jawa Lainya
<<< KLIK DISINI >>>
Ikhlas Iku Ngeculake Kanthi Ati Seneng 4.5 5 inoa group Alasan kagem ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Ta'ala boten nate mandheg, kathah nikmat dalah anugerah ingkang bo...


No comments:

Post a Comment

Back to top