Khutbah Jumat Bahasa Jawa : SURAT AL KAUTSAR

 

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - Insya Allah kula lan panjenengan sedaya sampun hafal surat wonten nglebetipun Al-Quran ingkang cekak sanget, inggih punika surat Al Kaustar.  Firman Allah wonten Surat Al Kautsar :
 سم الله الرحمن الرحيم
( إِنَّا أَعْطَيْنَاك الْکَوْثَرَ * فَصَلِّ لِرَبِّکَ وَانْحَرْ * إِنَّ شَانِئَکَ هُوَ الْأَبْتَرُ)

Artosipun Surat Al Kautsar :
Saktemen-temen wus pareng nikmat sopo ingsun Ing siro (Muhammad) Mangka shalato sira Kerono Allah Lan Qurban Temen-temen wong kang benci marang sira he Muhammad  Yoiku wong kang terputus (saka rahmating Allah). Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - Sepindah mangga kita mujudaken syukur kita dumateng ngarsa dalem Allah kanti ningkataken ketakwaan kita mawi berusaha nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah ugi nebihi punapa ingkang dados awisanipun Allah, shalawat ugi salam mugi konjuk dumateng Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wasallam, keluarga, para sahabatipun ugi sedaya umat Islam dhumugi dinten kiamat, Amin. Allah ugi paring pitedah bilih tiyang ingkang benci dateng syariat nggih punika tiyang ingkang boten badhe angsal rahmat saking Allah Ta’ala, Naudzubillah min dzaliik. Mangga sesarengan kita sedaya ngonjukaken raos syukur sampun dipun paringi kathah kanikmatan saklajengipun tetep istiqomah nglampahi shalat ugi qurban kanthi niat lurus namung kagem pangeran, sahingga benjang wonten ing akhirat saged dados setunggal tiyang-tiyang ingkang dipun paringi kanikmatan telaga Kautsar, Amiin. 



Wonten kesempatan punika kula badhe ngaturaken tulisan kagem Khutbah Jumat kanthi judul : SURAT AL KAUTSAR, mugi saged paring manfaat.


Khutbah Jumat Bahasa Jawa : SURAT AL KAUTSAR 4.5 5 inoa group Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - I nsy a A llah kula lan panjenengan sedaya sampun hafal surat w onten  nglebetipun  Al-Quran  ingkang  cekak ...


No comments:

Post a Comment

Back to top