Tulung Tinulung ing Dalem Kabecikan

 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Kali ini kami inoaGroup.com menyampaikan tema tentang tolong menolong antar sesama manusia dalam hal kebaikan. Khutbah Jumat Bahasa Jawa yang rutin kami posting setiap hari Kamis jam 05.00 pagi semoga tetap rutin atas bantuan dari semua pihak, dan mohon doa agar kami tetap istiqomah. dapatkan kumpulan DP BBM TERBARU, klik disini
www.inoaGroup.com

Khutbah Jumat Boso Jowo

"Khutbah Tulung Tinulung ing dalem Kabecikan"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ لله 2 الَذِى أَمَرَ بِالتَّعَاوُنِ عَلىَ اْلبِرِّ وَالتَّقْوَى. نَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى العَرْشِ اسْتَوَى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه أَشْرَفُ اْلخَلْقِ وَأَكْرَمُ مَنْ دَعَا إِلىَ اْلهُدَى.. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى آلِه وَأَصْحَابِه وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَتَعَاوَنُوا عَلىَ اْلبِرِّ وَالتَّقْوَى إِبْتِغَاءً رِضْوَانَ اللهِ يُعَظِّمُ اللهُ لَكُمُ اْلأَجْرَ.




Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Mangga kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan panggesangan datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres.
Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.  Lan samiyo tulung tinulung ingdalem kebagusan lan takwa, keranten nyuperih dateng ridhonipun Gusti Allah SWT., ingkang mekaten puniko Allah Ta’ala badhe ngagungaken ganjaranipun kito sedoyo.
Lan mangertoso bilih hubungan antawisipun sesami tiyang Islam puniko perkawis ingkang kedah kito galang sak estu. Sebab kanti pendidikan saestu puniko nimbulaken akibat ingkang sahe, inggih meniko tujuan izzul Islam wal muslimin, saged enggal terwujud. Lan monggo kito samiyo imut dateng dawuhipun Allah SWT wonten ing al-Qur’an surat al-Hujurat : 10:

BUKU KHOTBAH JUM'AT BAHASA JAWA 2015, SUDAH TERBIT !!!


BUKU KUMPULAN KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA 2015, PESAN SEKARANG !!!

إِنمَّاَ اْلمُؤْمِنُوْنَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوْا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوْا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
Artosipun: ” sejatine wong-wong mukmin kabeh iku sedulur, mulo siro kabeh podho islaho / bagusono ing antarane siro kabeh, lan siro kabeh podho wediyo marang Gusti Allah supoyo siro kabeh deh diwelasi”.
Poro hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Ayat puniko mengandung perintah dateng kito sedoyo supados ngeraketaken anggenipun persederekan kito, sebab panci ing antawisipun tiyang Islam kaliyan tiyang Islam lintunipun kedah saling ngiyataken kados bangunan griyo. Amargi kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:
          المُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَاْلُبنْياَنِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضًا
Artosipun: ” Wong mukmin marang mukmin liyane iku koyo dene bangunan siji, kang setengah marang setengahe tansah nguwatake / saling nguwatake”.  
Kanthi katerangan ayat kaliyan hadis kolo wahu, nedahaken ing kito bilih tiyang Islam utawi tiyang mukmin kaliyan konco sesami mukmin puniko kedah tansah menggalang persatuan lahir tuwin bathin. Kitho kedah selalu asih-asihan kaliyan sesami sederek Islam, lan kito kedah njagi dateng hak-hakipun persederekan lan sampun ngantos kito meniko nyakiti dumateng manahipun sederek kito sesami Islam. Sebab kito piyambak manawi dipun sakiti inggih boten puru,. Pramilo monggo kito jagi supados kito sampun ngantos nyakiti dateng manahipun tiyang sanes.

Hadirin, sidang jum’at ingkang minulyo.
Mengertoso bilih umumipun ukhuwwah islamiyah ingkang retak puniko dipun sebabaken saking hasud lan ungkur-ungkuran, lan rebutan perkawis dunyo ingkang mirah reginipun dibandingaken ukhuwah islamiya meniko, ingkang akhiripun boten rumahos, bilih ngeten puniko saged nimbulaken retakipun persederekan.
Mugi-mugi kito termasuk tiyang mukmin ingkang sahe lan njagi hak-hakipun sesami mukmin.

اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ .
وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللهِ جَمِيْعًا وَلاَ تَفَرَّقُوْا وَاذْكُرُوْا اللهَ عَلَيْكُمْ اِذْكُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَاناً, وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَاحُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا
 كَذلِكَ يُبَيِّنُ اللهَ لَكُمْ آيتِه لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ.
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.
Tulung Tinulung ing Dalem Kabecikan 4.5 5 inoa group Khutbah Jumat Bahasa Jawa Kali ini kami inoaGroup.com menyampaikan tema tentang tolong menolong antar sesama manusia dalam hal kebaikan. ...


4 comments:

  1. @MIN Tempel : monggo silahkan, semoga bermanfaat, mohon do'anya agar web ini tetap istiqomah

    ReplyDelete
  2. mohon ijin utk copy.Terima kasih

    ReplyDelete

Back to top